+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 15 September 2026 Minggu Limrah

Purwaning Dumadi 49:29-50:14; Jabur 133; Rum 14:13-15:2

MUJUDAKEN KASAENAN
“Siji-sijine panunggalan kita, nglegakna atine sapadha-padha,
murih becike supaya kabangun”
(Rum 15:2)

Bengi iku Trisno seneng banget awit sakbrayat bisa mangan bareng.
Karo telap-telep, Trisno nggatekake yen rama-biyunge mung dhahar sathithik.
Trisno mudheng yen mbesuk, wongtuwane kudu nyangoni dheweke karo
mbakyune. Bengi iku Trisno duwe tekad arep males katresnane wongtuwa; besuk
nalika wis nyambut gawe, aja nganti wongtuwane kangelan ing bab mangan.
Rama Yakub ngrumaosi bilih anggenipun gesang ing jagad sampun
badhe tutug. Mila piyambakipun nglempakaken lan meling putra-wayah.
Dhateng sang Yusuf, rama Yakub meling supados nalika seda, raganipun
kasarekaken ing guwa Makhpela; papan pasareyanipun rama Abraham-ibu
Sara lan rama Iskak-ibu Ribkah. Welingipun rama Yakub punika gampil
kawujudaken awit sang Yusuf punika nggadhahi panguwaos ing Mesir.
Nanging anggenipun kedah nindakaken lelampahan saking Mesir dhateng
Kanaan medal ara-ara samun ingkang benter punika boten tinemu nalar.
Nanging awit punika welingipun tiyang sepuh, Yusuf lan sadherek-sadherekipun
tetep nyembadani sinaosa bokmenawi wonten panyaruwe: “wong nek
disarekake neng kene wae, layone ora bakal protes!”.
Jaman samangke kanthi nengenaken nalar, kathah tiyang ingkang
kapengin mburu “praktis” awit boten pengin “repot” lan boten kapengin
rumaos kapeksa. Pancen tumindak nengenaken nalar punika damel sakeca,
nanging menawi sadaya bab dipun adhepi kanthi cara ingkang mekaten
malah saged damel manungsa kecalan raos tresna dhateng sesami; kalebet
dhateng brayatipun piyambak. Nalika tiyang sepuh lila ngrekaos kangge
nyengkuyung lare mujudaken idham-idhamaning gesang utawi para lare
temen sekolah lan nyambut damel kangge damel bombonging tiyangsepuh,
punika pancen boten tinemu nalar nanging mujudaken tresna. Katresnan
damel manungsa lila ngasoraken dhiri tumandang damel ngantos
nindakaken bab-bab ingkang boten tinemu nalar supados saged mujudaken
kasaenan kangge tiyang-tiyang ingkang dipun tresnani. |*GPY

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *