+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 28 Agustus 2026 Minggu Limrah

Yeremia 15:1-9; Jabur 26:1-8; 2 Tesalonika 2:7-12

NDHADHAR DHIRI PRIBADI
“Dhuh Yehuwah, Paduka mugi karsaa ndadar lan neter kawula;
batos kawula saha manah kawula mugi Paduka titi-priksa.”
(Jabur 26:2)

Nitipriksa dhiri pribadi asring kaanggep minangka bab ingkang awrat
ing gesanging manungsa. Ananging ningali lan miji tiyang sanes punika langkung
gampil lan mesthi asring dipuntindakaken dening manungsa. Dados mitranipun
Gusti kedahipun kita ugi saged ningali lan miji dhiri kita piyambak, kanthi
mekaten kita saged mangertosi punapa gesang kita punika sampun sae lan
prayogi. Saged kemawon punapa ingkang kita anggep awon ing gesangipun
tiyang sanes punika pranyata ugi wonten ing dhiri kita. Sumadya ngakeni
kakirangan kita lan purun ndandosi kalepatan punika saestu maedahi lan
munpangati tumrap gesang kita. Punika bab ingkang wigati lan kedah
dipunlampahi dening sadaya tiyang.
Jabur 26 ngatag kita sadaya supados saged dados tiyang ingkang purun
ningali dhiri kita pribadi. Pangalamaning gesang nuwuhaken kasagedan ing
salebeting namtokaken pilihaning gesang ingkang prayogi nalika ngadhepi
godha rencana. Umatipun Gusti kaatag supados sadhar bilih ngupadi nindakaken
punapa ingkang dados karsanipun Gusti sinaosa kanyataning gesang boten
sekeca. Tiyang ingkang mbudidaya tumindak ingkang cundhuk kaliyan karsanipun
Gusti punika mesthi pinaringan berkah.
Minangka manungsa ingkang gesang ing jaman ingkang majeng punika,
punapa kita sampun ningali dhiri kita (berefleksi)? Prayogi kita tansah mangertosi
kawontenaning dhiri lajeng mbudidaya mranata gesang supados tansah
dados para abdinipun Gusti ingkang bakoh lan sumadya nindakaken karsanipun
Gusti. Sinarengan sikep nglenggaran nampi kanyataning gesang bilih minangka
manungsa kita ugi saged ngraosaken panandhang. Ananing saking waosan
punika kita dipun atag supados saged ngadhepi godha rencana kanthi tatag
tanggon wonten ing kapitadosan dhumateng Sang Kristus. Nyinau pangalamaning
gesang saged ngiyataken kita, satemah nalika ngraosaken awrating gesang,
kita saged tansah mbangun turut dhumateng Gusti, gesang cundhuk kaliyan
karsanipun Gusti. Mugi Gusti mitulungi kita sami. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *