+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 24 Agustus 2026 Minggu Limrah

I Samuel 7:3-13; Jabur 18:1-3, 20-32; Rum 2:1-11

LUBERING KAMIRAHANIPUN ALLAH
“Apa kowe arep ngremehake lubering kamirahan sarta sabar sarehe Gusti
Allah? Apa kowe ora sumurup manawa kamirahane Gusti Allah iku nuntun
kowe marang pamratobat?” (Rum 2:4)

Kamirahan punika nedahaken bilih punapa ingkang kaparingaken dhateng
kita punika linangkung saking punapa ingkang pantes kita tampi. Lan nalika
kita pinaringan kamirahan punika, prayogi kita ngaturaken panuwun. Ananging,
manungsa punika langkung seneng ningali kawontenanipun tiyang sanes
tinimbang ngraos-raosaken kamirahanipun Gusti ing gesangipun piyambak.
Bab punika ndadosaken manungsa boten ngrumaosi bilih piyambakipun sampun
nampi kamirahan ing gesangipun. Manungsa kedah sinau langkung peka lan
langkung dhiwasa supados saged ningali kamirahan ingkang sampun dipun tampi.
Nalika damel serat kangge pasamuwan ing Rum, Rasul Paulus mirsa bilih
pasamuwan ing Rum punika asring njeksani tiyang sanes. Rasul Paulus
melehaken bilih pasamuwan ing Rum ingkang asring njeksani tiyang sanes
punika ugi gadhah kalepatan. Nalika manungsa taksih gesang ing jagad punika,
manungsa mesthi gadhah kalepatan. Mila langkung prayogi manawi manungsa
saged nitipriksa dhirinipun piyambak, tinimbang pados kalepatanipun tiyang
sanes. Rasul Paulus ugi ngatag pasamuwan ing Rum supados saged nitipriksa
dhirinipun piyambak wonten ing ngarsanipun Gusti, saestu kamirahanipun
Gusti punika linangkung ageng ing gesanging pasamuwan Rum punika. Rasul
Paulus ugi nandhesaken kanthi tembung “sabar sarehipun Gusti Allah”
ingkang nuntun pasamuwan ing Rum supados mratobat. Ing tembe manungsa
badhe ngundhuh punapa ingkang dipun tanem. Saking punika pasamuwan
ing Rum dipun atag ningali lubering kamirahanipun Gusti ingkang tansah
tumrah ing gesanging manungsa.
Kados pundi gesang kita samangke? Punapa kita ugi saged ningali lan
ngraosaken lubering kamirahanipun Gusti ing gesang kita? Punapa kita
sumadya mratobat satemah saged ningali kamirahanipun Gusti ingkang
ageng punika? Sabar sarehipun Gusti nengga kita sadhar bilih kita punika
tiyang ingkang gadhah dosa lan kalepatan. Kanthi mawas lubering
kamirahanipun Gusti ing gesang kita, punapa kita ugi taksih badhe njeksani
tiyang sanes? Kamirahanipun Gusti punika kangge sadaya tiyang, boten
namung dhiri kita piyambak. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *