+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 23 Agustus 2026 Minggu Limrah

Yesaya 51:1-6; Jabur 138; Rum 12:1-8; Mateus 16:13-20

PANGAKENING PRIBADI
“Gusti Yesus banjur ndangu: “Nanging tumraping kowe, Aku iki sapa?”
Atur wangsulane Simon Petrus: “Paduka punika Sang Kristus,
Putraning Allah ingkang gesang!”
(Mateus 16:15)

Ing salebeting gesang sesarengan ing satengahing masyarakat, wonten
tatanan-tatanan ingkang damel manungsa saged mangertosi tumindak
punapa ingkang kedah dipunlampahi. Tatanan-tatanan punika saged dadosaken
manungsa nuwuhaken kakiyatan gesang sesarengan ing bebrayan agung.
Sinaosa mekaten, saben pribadi mesthi gadhah pamawas ingkang beda ing
bab tertemtu. Kanthi mekaten saged kemawon ing gesang sesarengan
wonten pamawas umum lan pamawas pribadi. Bab punika wigati, awit ing
salebeting gesang sesarengan manungsa kedah mangertosi bilih saben
pamawas punika saged dadosaken pengaruh tumrap ing gesang sesarengan.
Gusti Yesus anggenipun paring piwulang lan nindakaken paladosanipun
punika tansah sesarengan kaliyan para sakabatipun, pramila Gusti Yesus
saestu pirsa watekipun para sakabat punika. awit Gusti Yesus pirsa isining
manahipun para sakabat lan ancas tujuanipun para sakabat nalika gadhah
pamawas ing bab tertemtu. Nalika ing Kaisarea Filipi, Gusti Yesus kepareng
mundhut pirsa dhateng para sakabatipun bab sinten ta Panjenenganipun
punika. Gusti Yesus ngarsakaken para sakabat punika mangertosi lan pitados
bilih Gusti Yesus punika saestu Allah ingkang sejati. Kanthi mekaten para
sakabat saged nglampahi gesang ingkang prayogi, boten namung nguja
pepenginaning pribadi. Pramila, Gusti Yesus ndangu para sakabatipun kados
ing ayat 15. Salah satunggaling sakabatipun, inggih punika Simon Petrus, nelakaken
kapitadosanipun dhumateng Gusti. Gusti Yesus paring pangandika mirunggan
kangge Simon Petrus magepokan kaliyan wangsulanipun (ayat 17-19).
Cariyos punika ngatag kita supados purun nggegilut pandangunipun
Gusti Yesus. Punapa ingkang dados wangsulan kita? Pangalaman gesang
kita minangka tiyang pitados, temtu namtokaken wangsulan kita, sinten ta
Gusti Yesus ing gesang kita? Gusti Yesus amberkahi. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *