+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 22 Agustus 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 36:33-38; Jabur 138; Mateus 16:5-12

INGKANG RISAK BADHE KABANGUN MALIH
“Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: Ing dina anggoningSun
ngresiki sakehing kasalahanira, Ingsun bakal ndadekake kutha-kutha
padha dienggoni maneh lan reruntuhan bakal kabangun maneh.”
(Yehezkiel 36:33)

Ing gesang punika, wonten wekdalipun manungsa punika ngadhepi
bebaya lan ngalami cilaka. Upaminipun lindhu ingkang nate kalampahan ing
saperangan kitha ing Indonesia. Lindhu punika damel kathah bangunan sami
risak. Bangunan-bangunan ingkang risak punika ing wekdal candhakipun lajeng
dipun bangun malih, dipuntata kanthi sae, satemah pulih kawontenanipun
satemah masyarakat saged nglajengakenn geangipun kanthi prayogi.
Prastawa pambuwangan ing Babel tumrap bangsa Israel saestu karaosaken
awrat sanget. Kathah prakawis gesang ingkang kalampahan lam tumempuh
ing bangsa Israel, dadosa secara fisik, sosial, lan ugi spiritual. Secara fisik,
tembok-tembok kitha Yerusalem lan Padaleman Suci dipun risak. Secara
sosial, bangsa Israel kecalan kamardikan lan dados bangsa buwangan.
Secara spiritual, bangsa Israel rumaos dipun tilar dening Gusti awit kedah
ngalmpahi gesang ingkang awrat. Ananging pamratobating bangsa Israel ing
pambuwangan punika ndadosaken bangsa Israel saged ngraosaken gesang
anyar. Gusti Allah paring pangaksami awit tumindakipun bangsa Israel.
Gusti Allah kepareng mulihaken kawontenanipun bangsa Israel sae punika
ing tata fisik, sosial lan spiritual. Punapa ingkang sampun risak badhe dipun
bangun malih dados langkung sae tinimbang sakderengipun.
Kathah prastawa ing gesanging manungsa ingkang karaosaken awrat
lan ndadosaken gesanging manungsa risak, hancur. Ing kawonten ingkang
mekaten, prayogi kita sami nitipriksa kawontenan ing gesang kita. Mbok
manawi prekawis-prekawis punika kalamahan amargi gesang kita boten
jumbuh kaliyan karsanipun Gusti. Pramila sumangga sami mratobat, gesang
ngener dhumateng Gusti. Pitadosa, Gusti kuwaos mulihaken kawontenan
gesang kita, mulihaken pangajeng-ajeng kita. Panjenenganipun ingkang badhe
ngentas kita lan mitulungi kita. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *