+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 21 Agustus 2026 Minggu Limrah

Yehezkiel 36:33-38; Jabur 138; 2 Korinta 10:12-18

NGURMATI WATES
“Sabab anggonku martakake Injile Sang Kristus wus tekan ing
panggonanmu, dadine aku ora wedi ngliwati watese wilayahing pagaweanku
kaya-kaya durung tekan ing panggonanmu.” (2 Korinta 10:14)

Samukawis ing gesang kita punika sami winates kawontenanipun, tegesipun
wonten watesipun. Contonipun, umuripun manungsa punika wonten watesipun.
Tumindaking manungsa ugi dipun watesi dening pranataning negari dalah
pranataning agami. Wilayahing negari, wilayahing kitha ngantos wilayahing
dhusun mawon wonten watesipun. Wates punika kedah dipun urmati. Kanthi
mangertosi wates-wates ing gesangipun, manungsa saged tumindak kanthi
prayogi.
Nalika Rasul Paulus nindakaken paladosan sesarengan kaliyan palados
sanesipun ugi mangertosi wates-wates. Nalika dados pangen tumrap pasamuwan,
Rasul Paulus nindakaken paladosan ingkang prayogi, dadosa rawuh ing
satengahing pasamuwan utawi ngintun serat ingkang isinipun rupi-rupi
piwulang. Kanthi mekaten, Rasul Paulus kagungan pangajeng-ajeng pasamuwan
punika saged tuwuh ing kapitadosanipun, gadhahi katresnan ingkang tulus,
lan pangajeng-ajenging ing Sang Kristus Yesus.
Ananing ing paladosan punika, wonten tiyang-tiyang ingkang nglawan
Rasul Paulus, lan gadhah pamawas awon bab punapa ingkang dipun tindakaken
dening Rasul Paulus. Ing seratipun, Rasul Paulus nandhesaken bilih piyambakipun
mangertos punapa ingkang kedah dipun tindakaken lan boten. Ateges Rasul
Paulus punika mangertos watesing tumindakipun. Rasul Paulus mangertos
bilih paladosanipun punika namung kagem kaluhuraning asmanipun Gusti.
Kathah prakawis ing gesang punika, dadosa wonten ing brayat, pasamuwan,
utawi ing masyarakat ingkang underanipun amargi manungsa boten ngurmati
wates. Tiyang ingkang boten ngurmati wates badhe tumindak boten prayogi
lan damel risaking sesambetan kaliyan tiyang sanes, sae punika wonten ing
brayat, wonten ing pasamuwan punapa dene wonten ing masyarakat. Saestu
prayogi manawi kita tansah migatosaken lan ngurmati wates-wates ingkang
wonten. Sinau saking Rasul Paulus, sumangga kita sami ngendhaleni dhiri,
tansah tumindak kanthi ngurmati wates-wates ing gesang. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *