+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 18 Agustus 2026 Minggu Limrah

Yesaya 43 :8-13; Jabur 87; Rum 11 : 13-29

SANG YEHUWAH PUNIKA JURU WILUJENG
“Ingsun, iya Ingsun iki Yehuwah lan ora ana Juru-slamet kejaba Ingsun.”
(Yesaya 43:11)

Kawilujengan punika mesthi dipunajaneg-ajeng tiyang kathah ing jagad
punika lan dados ancas tujuan sadaya tiyang. Tumraping bangsa-bangsa,
kawilujengan punika kawontenan nalika bangsa kasebat sacara mandiri saged
mranata gesangipun piyambak lan boten dipun tindes dening bangsa sanes.
Bangsa Israel sampun nate ngraosaken kawontenan ingkang tebih saking
wilujeng. Nalika bangsa Israel nilaraken Sang Yehuwah, Allahipun lan nyembah
allah sanes, Gusti negakaken bangsa Israel ngraosaken cilaka. Gusti
ngeparengaken bangsa sanes menang saking bangsa Israel, nggempur
Padaleman Suci lan ndadosaken bangsa Israel dipun bucal ing Babel.
Prastawa pambuwangan ing Babel dados prastawa ingkang awrat tumrap
bangsa Israel. Bangsa Israel ngraosaken kasangsaran ing Babel. Nabi Yesaya
gesang ing mangsa punika. Yesaya paring pangandika bilih Gusti ngarsakaken
bangsa Israel mratobat, awit namung Gusti ingkang saged mulihaken bangsa
Israel kados wiwitan. Sabdaning Gusti negesaken bilih namung Gusti ingkang
saged dados Juru-wilujeng, boten wonten allah sanesipun. Menawi bangsa
Israel purun mratobat, Gusti badhe mulihaken kawontenaning bangsa Israel.
Gusti Allah punika ugi Juru-wilujengipun bangsa Indonesia. Namung Gusti
ingkang saged paring kawilujengan dhateng bangsa punika. Panguwaosipun
Gusti nglangkungi punapa kemawon ingkang wonten in jagad punika. Ing
sisih sanes Gusti ugi Juru-wilujeng tumrap dhiri kita pribadi. Namung Gusti
ingkang saged ngluwari kita saking pangrehing dosa, satemah kita saged
nampi gesang ingkang anyar. Kita minangka tiyang pitados, gadhah tanggel
jawab mbekta bangsa Indonesia dados bangsa ingkang cundhuk kaliyan
karsanipun Gusti. Kita kedah nggulawenthah bangsa nagari Indonesia punika
supados saged gesang kanthi nyondhongi karsanipun Gusti. Sumangga kita
ndedonga tumrap para pamarentah bangsa Indonesia, supados saged
nindakaken tanggel jawab kanthi prayogi. Gusti Sang Juru-wilujeng tansah
ngrimati gesang kita minangka bangsa Indonesia. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *