Yesaya 66:18-23; Jabur 87; Mateus 8:1-13
KATEKANA KANG DADI PANGANDELMU
“Gusti Yesus banjur ngandika marang opsir panatus mau: “Wis, mundura.
Katekana kaya kang dadi pangandelmu.” Sanalika iku uga abdine waras.”
(Mateus 8:13)
Manungsa punika pinaringan berkah mirunggan saking Gusti inggih
punika kasagedan kangge niteni kawontenan. Nggegilut pangalamaning gesang
kapengker lan ingkang kalampahan samangke, saged ndamel kita saged
mawas kinten-kinten punapa ingkang badhe kalampahan saklajengipun.
Nyinau saking punapa ingkang sampun kalampahan sakderengipun, saged
damel kita langkung ngatos-atos anggenipun tumindak ing saklajengipun,
supados bab ingkang boten prayogi sampun ngantos kedadosan malih.
Gusti Yesus nindakaken mukjijat kathah ing gesang manungsa wekdal
semanten. Prakawis ingkang dipuntindakaken dening Gusti Yesus dados
prakawis ingkang sampurna awit nglangkungi punapa ingkang dipun wawas
dening manungsa limrahipun. Sakit budhug ingkang dereng wonten tambanipun,
nalika semanten saged dipunsarasaken dening Gusti Yesus. Prakawis punika
damel tiyang kathah sami gumun. Waosan kita samangke nedahaken
punapa ingkang dipunpitadosi dening tiyang ingkang sakit budhug punika
bilih Gusti Yesus kepareng nyarasaken, satemah piyambakipun nampi
kasarasan. Namung kanthi tembung “Aku karsa”, tanpa ndemek tiyang punika,
mukjijatipun Gusti kalampahan. Prakawis punika ingkang ndadosaken opsir
ing Kapernaum pitados dhateng Gusti Yesus, lan nyuwun supados Gusti Yesus
karsa nyarasaken abdinipun ingkang nandhang sakit. Gusti Yesus pirsa bilih
opsir ing Kapernaum punika saestu pitados dhumateng Panjenenganipun.
Gusti Yesus ugi pirsa bilih opsir punika saestu nresnani abdinipun. Mila saking
punika, Gusti Yesus ngandika: “Aku karsa” lan, “Wis, mundura, katekana
kaya kang dadi pangandelmu.” Saksampunipun Gusti Yesus paring pangandika
mekaten, abdi opsir ing Kapernaum punika saras.
Punapa ingkang kita pitadosi saged kalampahan, malah saged nglangkungi
punapa ingkang kita bayangaken. Cariyos punika dados tuladha tumrap kita
supados tansah pitados dhumateng Gusti kanthi saestu. Amin |*YCK
