2 Para Raja 5 :1-14; Jabur 87; Lelakone Para Rasul 15:1-21
GUSTI NRESNANI SADAYA BANGSA
“Ing kono panjenengane tumuli mandhap lan slulup kaping pitu
ana ing bengawan Yarden netepi ature abdinig Allah mau,
wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik,
sarta wus dadi resik.” (2 Para Raja 5:14)
Dinten punika bangsa Indonesia ngriyayakaken 81 taun anggenipun
mardika saking penjajahanipun bangsa sanes. Temtunipun bab punika
ndadosaken rakyat Indonesia sami suka bingah. Margi-margi dipuntata, dipun
hias supados elok dipuntingali, lan ugi wonten lomba-lomba kangge
ngregengaken pengetan kamardikan Republik Indonesia punika. Pitakenanipun,
punapa Gusti ugi nresnani bangsa Indonesia punika? Kados pundi kawontenanipun
bangsa-bangsa ing ngarsanipun Gusti ingkang maha kuwaos punika?
Cariyos bab Naaman ing Kitab Para Raja nedahaken bilih mukjijatipun Gusti
kalampahan kangge sadaya tiyang. Panguwaosipun Gusti punika nglangkungi
punapa mawon. Elisa inggih punika nabi kangge bangsa Israel, paladosan
lan mukjijatipun kalapahan kangge bangsa Israel. Panguwaosipun Gusti ingkang
katindakaken lumantar piyambakipun sampun dipunraosaken dening tiyang
Israel, satemah sadaya tiyang sami tepang kaliyan Nabi Elisa, kalebet abdinipun
Naaman ingkang caos pawartos bab panguwaosipun Gusti lumantar Nabi
Elisa. Sakit budhug ing wekdal punika dereng wonten obatipun lan tiyang
ingkang sakit budhug mesthi dipuntebihi dening tiyang sanes, kaanggep
reged lan najis. Punika dadosaken Naaman saestu ngajeng-ajeng kasarasan
lantaran nabi Elisa. Mukjijatipun Gusti ingkang kedadosann tumrap Naaman
punika nelakaken panguwaosipun Gusti ingkang mengku samukawis ing
jagad punika. Lan punika sadaya minangka wujud katresnanipun Gusti tumrap
sadaya bangsa.
Cariyos Naaman punika ngiyataken kayakinan kita bilih Gusti ugi
nresnani bangsa Indonesia. Kamardinaning bangsa punika peparingipun
Gusti ingkang makarya lumantar para pejuang rikala semanten. Ing wekdal
punika Gusti ugi makarya lumantar kita sadaya. Sumangga sami mujudaken
katresnanipun Gusti tumrap bangsa Indonesia kanthi sesarengan makarya
mbangun negari punika. Mugi Gusti tansah mitulungi. |*YCK
