+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 8 Agustus 2026 Minggu Limrah

I Para Raja 18:41-46; Jabur 85:8-13; Mateus 16:1-4

PAHAM MAOS PRATANDHA
“Nanging paring wangsulane Gusti Yesus: “Manawa sore langite katon
abang sumulak, kowe kandhamu: Iki bakal terang, sarta esuk, manawa
langite katon abang surem, kandhamu: Iki dina ora becik. Kowe bisa
mbedakake rupaning langit, nanging tandha-tandhaning
jaman ora ngerti.” (Mateus 16:2-3)

Para among tani sami mangertos kapan wekdal ingkang sae kangge
nanem winih ing pategalan. Ing mangsa rendheng, para among tani badhe
nanem winih ingkang saged tuwuh ing mangsa rendheng, mekaten ugi ing
mangsa ketiga. Kanthi mekaten badhe ngasilaken panenan ingkang migunani.
Ing gesang padintenan kita ugi kedah mangertos bab punapa ingkang dipun
betahaken kangge ngadhepi rupi-rupi kawontenan.
Mangertos bab pratandha ugi saged dipuntindakaken ing sadaya kawontenan.
Ing kawontenan pribadi, saged mangertosi raos-pangraosipun tiyang sanes.
Ing kawontenan politik ugi saged dipun agem mangertosi bab kebijakan-
ipun para pemimpin nagara, lan sanes-sanesipun. Prakawis mekaten punika
ingkang dipun agem kaliyan Gusti Yesus kangge melehaken para tiyang
Farisi lan Saduki ingkang sumadya nyoba dhateng Panjenenganipun. Gusti
Yesus pirsa bilih para tiyang Farisi lan Saduki punik sami mangertosi bab
tandha-tandah ing alam. Dadosa ing bab padhanging langit utawi ing bab
sanesipun. Para tiyang Farisi lan Saduki punika tiyang-tiyang ingkang kapiji
satemah saged nggadhahi kalenggahan. Ananging magepokan kaliyan
piwulangipun Gusti Yesus lan kawontenan sosial ing mangsa punika, para
tiyang Farisi lan Saduki punika boten purun ngakeni Gusti Yesus minangka
Gusti ingkang saged ndhatengaken tandha-tandha ilahi. Para tiyang kasebat
nyuwun pratandha punika tujuanipun kangge ndhawahaken Gusti Yesus.
Gusti Yesus pirsa bab kasebat lan melehaken tiyang-tiyang punika.
Punapa kita ugi saged mangertosi tandha-tandha ingkang wonten ing
gesang kita? Punapa panjenengan sumadya ngakeni bilih tandha-tandha
kasebat sejatosipun saged ngatag kita nanggepi pakaryanipun Gusti ing gesang
kita punika? Menawi kita purun dados tiyang ingkang peka ningali lan ngraosaken
tandha-tandha punika, kita ugi saged dados berkah tumraping sesami ing
gesang lan paladosan kita. Gusti mesthi paring pitulungan tumrap kita. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *