I Para Raja 18:17-19, 30-40; Jabur 85:8-13; Lelakone Para Rasul 18:24-28
SESARENGAN LELADI
“Anggone wiwit memulang kalawan kendel ana ing papan pangibadah.
Nanging bareng Priskila lan Akwila krungu, Apolos banjur diajak menyang
ing omahe sarta diwenehi katrangan kanthi cetha lan tliti
bab Margining Allah.” (Lelakone Para Rasul 18:26)
Nindakaken padamelan sesarengan kaliyan tiyang sanes punika boten
gampil. Kita dipun abenajengaken kaliyan bab sikep ingkang kedah andhap
asor, purun nampi kawontenan gesang tiyang sanes, lan ugi sikep ingkang
purun mangertos lan nampi kakirangan dhiri pribadi. Sumadya nyingkiraken
ego pribadhi lan sangkul-sinangkul ngasilaken bab ingkang prayogi. Ananging,
ing salebeting paladosan ing greja, taksih kathah tiyang ingkang taksih
nengenaken egonipun, satemah kathah tiyang ingkang bebantahan ing
salebeting paladosan. Sesarengan lelados punika langkung prayogi amrih
lumampahing paladosan kagem kamulyanipun Gusti.
Cariyos bab pepanggihanipun Apolos kaliyan Priskila lan Akwila ing
Efesus dados tuladha kadospundi sesarengan lelados saged ndhatengaken
kabingahan tumrap tiyang kathah. Apolos punika tiyang ingkang luwes
anggenipun wicantenan, satemah saged ndamel kathah tiyang sami remen
nalika mirengaken pangandikanipun Apolos. Apolos ugi sampun mireng bab
Gusti Yesus lan mulang bab margining Gusti, sinaosa pamawasipun dereng
jangkep (ayat 25). Priskila lan Akwila ingkang sampun langkung dangu manggen
wonten ing kitha Efesus punika. Nalika kekalihipun mireng bab pakaryaning
Apolos, Priskila lan Akwila boten rumaos dipun saingi, ananing karsa lelados
sesarengan kaliyan Apolos. Priskila lan Akwila ngaturi Apolos ing griyanipun
lan paring katrangan kanthi tliti bab marginipun Allah (ayat 26). Priskila,
Akwila, lan Apolos sesarengan lelados ing Efesus. Saklajengipun Apolos
tindhak dhateng Akhaya lan leladi ing ngriku kanthi panyengkuyungipun
pasamuwan Efesus (ayat 27).
Kados pundi paladosan kita ing greja? Punapa taksih wonten pamawas
ingkang beda bab paladosan? Cariyos bab pepanggihanipun Apolos kaliyan
Priskila lan Akwila dados tuladha tumrap kita supados kita saged sesarengan
lelados kanthi sukarena, kanthi nyingkiraken ego kita. Sumangga sami ngakeni
dhiri kita temtu gadhah kekirangan lan kasagedanipun piyambak-piyambak.
Sumangga kita sesarengan lelados kanthi tulus satemah peladosan kita
dados berkah tumrap tiyang kathah.|*YCK
