I Para Raja 19:9-18; Jabur 85:8-13; Rum 10:6-15; Mateus 14:22-33
AYEM WONTEN ING GUSTI
“Nanging tumuli padha dipangandikani dening Gusti Yesus:
“Padha dienak atimu! Iki Aku, aja wedi!” (Mateus 14:27)
Gesanging manungsa saged dipun gambaraken kados tiyang ingkang
nembe kekesahan. Anggenipun kekesahan, kita saged mawon mlampah, numpak
sepeda, motor, mobil, kapal utawi pesawat. Temtunipun saben tiyang gadhah
pangajeng-ajeng bilih sadaya ingkang dipun tumpaki punika aman. Ananging ing
kasunyatanpun, saged kemawon kalampahan kadadosan ingkang beda kaliyan
pangajeng-ajeng kita. Kathah bab ingkang saged mawon saged kedadosan
nalika kita kekesahan. Prekawisipun saged saking dhiri kita piyambak, saking
tiyang sanes, saking kendaraan ingkang dipun tumpaki, cuaca, lan sanesipun.
Pakaryanipun Gusti ingkang ngedab-ebadi nembe mawonn kalampahan
inggih punika paring tedha dhateng tiyang cacah 5000. Gusti Yesus paring
dhawuh supados para sakabatipun sami sami mangka dhateng sabranging
seganten. Tumraping para sakabat ingkang padamelanipun dados juru amek
iwak, nyabrang ing seganten punika bab ingkang limrah lan biasa dipun lampahi.
Ing wekdal punika Gusti Yesus taksih wonten ing dharatan lan paring dhawuh
supados tiyang kathah sami wangsul dhateng panggenanipun piyambak-
piyambah. Sasampunipun tiyang kathah sami kesah, Gusti Yesus mligekaken
wekdal kangge ndedonga. Dene ing wekdal punika prau ingkang dipuntumpaki
dening para sakabat punika montang-manting katempuh ing ombak. Gusti
Yesus mirsa para sakabat ingkang sami ajrih ing satengahing ombak ingkang
nggegirisi, lajeng tindak ing seganten. Para sakabat ingkang saderengipun
sampun ajrih awit kawontenan ing tengah-tengahing saganten, sangsaya
ajrih awit ningali tiyang ingkang mlampah ing seganten, lan para sakabat
mawas punika memedi. Ananging Gusti Yesus ngandika, “Padha dienak
atimu! Iki Aku, aja wedi!” Sasampunipun para sakabat mireng swantenipun
Gusti Yesus, lajeng sadaya saged ayem batosipun, lan ombak ingkang
nggegirisi tumunten mandheg.
Ayem lan tentrem punika bab ingkang baken ingkang badhe kita raosaken
nalika kita ndherek Gusti Yesus. Raos ajrih ndadosaken kita tebih saking Gusti,
awit dadosaken kita kesupen bilih Gusti punika sae lan bakal mitulungi kita.
Pramila, sampun ngantos ajrih, ing sadaya kawonten tansah sumendhe ing
Gusti lan pitados bilih Gusti mesthi mitulungi. Raos ayem lan tentrem dadosaken
kita sangsaya ngraosaken kasaenanipun Gusti Yesus. |*YCK
