+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 5 Agustus Minggu Limrah

Pangentasan 16 :2-15; Jabur 78 : 1-8, 17-29; Mateus 15 : 32-39

NGUCAP SOKUR LAN ANDUM BERKAH
“Sawise mangkono Panjenengane banjur mundhut roti pitu lan iwak-iwak mau
lan sawise caos sokur, banjut padha dicuwil-cuwil lan diparingake marang
para sakabat, sarta para sakabat padha ngedum marang wong akeh.”
(Mateus 15:36)

Berkah saking Gusti tansah tumrah ing gesangipun sadaya tiyang,
ananging wonten tiyang ingkang dereng saged ningali berkah saking Gusti
punika. Kathah tiyang ingkang sami sambat lan nggresula nalika ngraosaken
prakawis ing gesangipun. Menawi punika ugi tansah dipun tindakaken dening
tiyang pitados, ateges gesangipun taksih tebih saking pangucap sokur.
Ing Injil Mateus 15, Gusti Yesus paring pangandika tumrap para sakabat,
kados pundi caranipun supados para sakabat tansah saged ngucap sokur ing
sadaya kawontenan gesang. Manah ingkang kebak welas asih ndamel Gusti
Yesus kepareng maringi tetedhan tumrap tiyang kathah ingkang sampun
tigang dinten ndherek Gusti Yesus lan mirengaken pangandikanpun. Ananging
para sakabat mangu-mangu awit kawontenanipun tiyang kathah punika.
Nalika Gusti Yesus pitaken bab tetedhan ingkang dipun gadhahi para sakabat
lan tiyang kathah punika, para sakabat namung saged ngaturi roti cacah pitu
lan ulam alit-alit sawatawis. Lajeng Gusti Yesus mundhut roti lan ulam punika,
dipun cuwil-cuwil kanthi ngucap sokur, lan tetedhan punika dipun paringaken
kangge tiyang kathah punika. Wonten 4000 tiyang kakung kejaba tiyang putri
lan para lare. Sasampunipun sadaya nedha lan tuwuk, taksih wonten 7
kranjang. Anggenipun Gusti Yesus mirsani kawontenan tiyang kathah lan ngucap
sokur lan karsa paring berkah, ngatag para sakabat murih ningali kawontenan
gesang tiyang sanes. Tansah ngucap sokur saking punapa ingkang kita
darbeni punika dados dhasar supados kita saged andum berkahipun Gusti.
Punapa kita sampun saged ningali berkah saking Gusti ingkang luber-
luber ing gesang kita? Punapa kita tansah ngucap sokur awit sadaya ingkang
wonten ing gesang kita? Punapa kita purun andum berkah ingkang kita
tampi saking Gusti punika dhateng sesami? Sumangga kita nuladha Sang
Kristus Yesus kanthi nindakaken sikep welas asih, tansah ngucap sokur ing
sadaya kawontenan gesang, lan andum berkah saking Gusti tumrap sesami
kita. Gusti tansah nganthi kita. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *