+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 6 Agustus 2026 Minggu Limrah

I Para Raja 18 :1-16; Jabur 85 : 8-13, 17-29; Lelakone Para Rasul 17 : 10-15

NAMPI PANGANDIKA KANTHI EKLASING MANAH
“Wong-wong Yahudi ing kutha kono atine padha luwih becik tinimbang
para wong Yahudi ing Tesalonika, sabab padha nampani pangandika
kalawan eklasing ati sarta saben dina sumurup, apa iku kabeh
wis bener mangkono.”( Lelakone Para Rasul 17:11)

Saben tiyang pitados temtu mangertos bilih pangandikanipun Gusti
punika minangka tetedhan karohanen. Ananging kasunyatanipun, boten gampil
nggigah warganing pasamuwan supados sami remen kaliyan ppangandikanipun
Gusti. Saperangan greja ugi damel kegiatan mirunggan supados pasamuwanipun
remen nampi sabdanipun Gusti. Pangajeng-ajengipun, pasamuwan ingkang
remen kaliyan pangandikanipun Gusti punika purun nampi pangandika, lajeng
kanthi sumadya nggegilut pangandika kasebat lan saged ngraos-ngraosaken
ancas tujuan saking pangandika punika lan nindakaken ing gesang padintenan.
Ing laku gesang martosaken Injil, Rasul Paulus asring rawuh ing papan
pangibadah tiyang Yahudi. Rasul Paulus ngrembag kitab-kitab tiyang Yahudi
bab rawuhipun Sang Kristus. Rasul Paulus ingkang rumiyin boten pitados
bab Sang Kristus, ananging sasampunipun pinanggih kaliyan Gusti Yesus ing
gesangipun, Rasul Paulus dados kagungan kapitadosan bilih Yesus punika
Sang Kristus. Punika ingkang dados pirembagan Rasul Paulus supados
kathah tiyang ingkang purun nampi Sang Kristus. Temtu ugi wonten ingkang
nampik Rasul Paulus lan Silas ing kitha Tesalonika, satemah kedah sami
kesah dhateng Berea. Sami kaliyan kitha sanesipun, Rasul Paulus lan Silas
tumuju dhateng ing papan pangibadah tiyang Yahudi. Ananging tanggapanipun
tiyang-tiyang ing Berea punika beda kaliyan tiyang ing kitha Tesalonika. Ing
kitha Berea, kathah tiyang ingkang lembah manah, purun nampi pangandikanipun
Gusti kanthi eklasing manah, nggegilut pangandika wau, lan ing pungkasanipun
purun pitados dhumateng Gusti Yesus. Eklasing manahipun tiyang-tiyang
ing kitha Berea inggih punika dados wiwitaning pangandikanipun Gusti punika
katanem, karimat, lan tundhanipun saged ngedalaken woh ing pagesangan.
Punapa kita ugi ndarbeni eklasing manah kangge nampi pangandikanipn
Gusti, dipun gegilut saha dipun tindakaken ing gesang padintenan? Kita
saged dados berkah tumrap tiyang sanes kanthi nindakaken pangandikanipun
Gusti ing gesang kita. Gusti tansah mitulungi kita. |*YCK

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *