Yesaya 44:9-17; Jabur 86:11-17; Ibrani 6:13-20
PENGAJENG-AJENG DHATENG PRASETYANIPUN GUSTI ALLAH
“Awitdene nalika Allah maringake prasetyane marang Abraham,
wis supaos demi Panjenengane piyambak, amarga ora ana kang ngungkuli
Panjenengane, pangandikane, “Satemene sira bakal sunberkahi nganti
luber sarta sira bakal suntangkarake dadi akeh banget.” (Ibrani 6:13–14)
Kitab Ibrani nelakaken bilih prasetyanipun Gusti dhumateng Abraham
punika minangka tuladha menawi Gusti boten nate mblenjani janji. Gusti
prasetya kanthi nyebut Asmanipun Piyambak, awit boten wonten sinten
kemawon ingkang langkung luhur tinimbang Panjenenganipun. Prasetanipun
Gusti Allah mesthi dipun tetepi lan mujudaken pengajeng-ajeng kang nyata
tumrap umatipun.
Ing gesang punika, kathah manungsa ingkang asring rumaos cuwa, awit
katah tiyang ingkang remen mblenjani janji. Nanging Gusti Allah boten nate
cidra kados manungsa. Prasetyanipun mesthi dipun tetepi. Kanthi mekaten
kita badhe saged ngiyataken gesang kapitadosan kita, awit pangajeng-ajeng
kita mboten nglaha. Gesang kapitadosan kita punika saged kagambaraken
kados dene jangkar ingkang ngiket kapal, supados mandeg mboten keli ing
satengahing ombak ageng ingkang nempuh kapal punika. Jangkar punika
nyambung dhateng pamujaning Allah ingkang maha suci, ing panggenan
ingkang Gusti Yesus sampun langkung rumiyin mlebet ing mriku.
Sumangga kita tansah ngugemi prasetyanipun Gusti kanthi pengajeng-
ajeng ingkang kiyat. Sampun ngantos kuciwa lan kawirangan awit lampahing
gesang ingkang nedya nebih saking pangandel. Manawi Gusti saestu setya
netepi prasetyanipun dhateng rama Abraham, Panjenenganipun ugi mesthi
setya netepi prasetyanipun dhateng kita. Mugi pengajeng-ajeng kita tansah
ndadosaken mantebing manah lan gesang kita dados kaca benggalaning
kasetyan. Sumangga tansah nglampahi gesang kanthi tuhu setya dhumateng
Gusti. Amin. |*SP
