+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 18 Juli 2024 Limrah

Yesaya 44: 18-20; Jabur 86:11-17; Mateus 7:15-20

MAWAS DHIRI LAN NGEDALAKEN WOH
“Dadine wit kang becik metokake woh becik, wit kang geringen
wohe iya ora apik. Wit kang becik ora bisa metokake woh kang ala,
lan wit kang geringen ora bisa metokake woh kang becik.” (Mateus 7:17-18)

Gusti Yesus paring pepenget dhateng para pendherekipun supados
sami waspada dhumateng para nabi palsu. Nabi-nabi palsu punika dhateng
kanthi mangangge rasukan wulu wedhus gembel, ketingalipun sae ananging
manahipun kados asu ajag kang sumadya damel cilaka. Gusti Yesus paring
pitedah anggen para pendherekipun bedakaken pundi nabi ingkang asli lan
ingkang palsu. Bab punika badhe kethithik saking wohing tumindakipun utawi
wohing gesangipun. Kadosdene taneman, wit ingkang sae badhe ngedalaken
woh igkang sae lan kosok wangsul, wit ingkang awon, wohipun mesthi awon.
Emanipun manungsa asring kagoda kangge ningali bleger saha solah
bawa ingkang ketingal. Kamangka tiyang ingkang ketingal saleh dereng mesthi
resik manahipun. Nanging wohing gesange inggih punika tumindakipun,
katresnanipun, kasetyanipun punika wujud pitepangan ingkang sejatos kaliyan
Gusti Allah. Gusti paring piwucal supados kita boten gampil kesengsem
dumateng bab-bab ingkang ketingal, nanging saged ningali kanthi lantip lan
wcaksana.
Sumangga kita dados tiyang ingkang wicaksana, lan tansah nyuwun
pitulunganipun Gusti supados saged mbedakaken punapa ingkang sae lan
ingkang awon. Saklajengipun, prayogi kita ugi boten namung mbiji tiyang
sanes, nanging ugi tansah mriksa badan kita piyambak-piyambak: wohing
gesang kita punika woh kang sae utawi awon? Kapitadosan punika kedah
dipun wujudaken srana tumindak. Mugi kita tansah nyuwun pitedah saking
Sang Roh Suci, supados gesang kita saged ngedalaken woh ingkang damel
renaning penggalihipun Gusti Allah lan migunani tumrap sesami. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *