Yesaya 44:16-8; Jabur 86:11-17; Rum 8:12-25; Mateus 13:24-43
GUSTI SING PIRSA WEKTU PANENE!
“Cikben padha thukul bebarengan nganti mangsane panen. Ing wektu iku
aku bakal tutur marang sing padha derep: Klumpukna dhisik alang-alange
lan bentelana, banjur obongen, sawuse iku gandume klumpukna ing
lumbungku.” (Mateus 13:30)
Gusti Yesus maringi pasemon bab nyebar wiji ingkang sae, nanging
nalika dumugi wekdalipun wiji punika tuwuh, ing antawising wiji sae punika
tuwuh ugi suket alang-alang. Ingkang nanem punika Gusti Allah, dene
sabinipun punika donya utawi pegesanganing manungsa ing jagad. Wiji sae
punika piwucal ingkang saking Sabdaning Gusti ingkang dipun ugemi saha
dipun tindakaken dening para umat kagunganipun Gusti, dene wiji suket
alang-alang punika daya panggodhanipun Iblis ingkang ngrasuk ing gesang
manungsa ingkang arupi sedaya panyambut damel awon lan piala. Awit
panenan nembe saged dipun tindakaken sasampunipun dumugi wekdalipun
panen. Mila kados-kados kekalihipun dipun kendelaken gesang lan tuwuh
sesarengan ing sabin, ananging sedaya namung nengga wegdal ingkang
prayogi kagem misahaken kekalihipun.
Asring kita rumaos gumun: kok wong ala katon sukses, dene wong becik
kadang nandhang sangsara? Nanging pasemon punika paring piwucal
dhateng kita bilih Gusti ndhèrèk nyekseni, lan Panjenenganipun boten
kesupen. Nalika sampun dumugi wekdalipun panen Gusti piyambak ingkang
badhe milah antawisipun alang-alang lan gandum. Suket alang-alang badhe
dipun besmi srana latu, dene wiji sae badhe dipun tunggilaken lan dipun
bekta dhateng lumbung gesang ingkang kebak kabungahan.
Sumangga kita tetep setya nandur kabecikan, sanadyan kawontenan
boten mesthi ndhukung. Sampun ngantos kita kendho, awit wohing kabecikan
punika boten lajeng ketingal. Gusti paring ganjaran miturut wekdal lan
karsanipun. Mugi kita tansah ngupaya saged dados wiji ingkang sae, sabar,
tetep makarya lan ngladosi, ngantos rawuhipun Sang Juru Panen ingkang
Sejati. Amin. |*SP
