Yesaya 55:10-13; Jabur 65:1-13; Rum 8:1-11; Mateus 13:1-23
WIJINING KASLAMETAN LAN ATINE MANUNGSA
“Amarga atine bangsa iki ndableg lan kupinge jampeng sarta mripate
dieremake, supaya aja padha ndeleng kalawan mripate lan krungu
kalawan kupinge sarta atine bisa mangerti banjur mratobat, satemah
sunwarasake.” (Mateus 13:15)
Gusti Yesus nglairake pasemon bab tiyang ingkang nyebar wiji. Wonten
wiji ingkang sumebar dawah ing pinggir mergi, ing lemah watu, ing grumbul/
tethukulan eri, lan ing pasiten subur. Pasemon punika nggambaraken
kawontenaning manahipun manungsa nalika nampi Sabdanipun Gusti. Wiji
punika Sabda, lan pasiten punika manahipun manungsa. Kados dene wiji
mbetahaken siti ingkang subur lan pangrimat ingkang sae supados saged
tuwuh lan ngrembaka temahan ngasilaken woh ingkang sae. Mekaten ugi
sabanipun Allah, mbetahaken papan ingkang subur supados saged tuwuh
lan ngedalaken uwohing kabecikan. Dene wujuding papan ingkang subur
saha pangrimat ingkang sae inggih punika manah ingkang kanthi andap asor
lan tinarbuka nampi sabda pangandika, dipun gilut-gilut lan dipun wujudaken
ing tata gesang padintenan.
Menawi manahipun manungsa punika kebak ing raos kuwatos, semplah,
hawa nepsu, sabda boten saged mlebet lan tuwuh. Pramila kathah tiyang
ingkang saben wekdal mirengaken sabda pangandikanipun Gusti, nanging
amargi karepotaning gesang saha kathahipun perkawis ingkang ngebaki
manah, sabda punika lajeng kados dene wiji ingkang dawah ing pinggir
margi, lemah watu saha grumbul/tethukulan eri. Saged tuwuh sekedap
nanging pungkasanipun pejah. Nalika ngadepi panggoda utawi perkawising
gesang ingkang karaos awrat kesupen dumateng sabda pangandikanipun Allah.
Sumangga kita nyuwun pitulungan Gusti supados ngresiki manah kita
lan sumadya nampeni sabdanipun. Sampun ngantos kita namung mirengaken,
nanging mboten nindakaken. Kita kedah nebih saking sawernining panggoda,
ngulinakaken ndedonga, maos Kitab Suci, lan tumindak miturut pangandikanipun
Gusti. Mugi kita saged dados siti ingkang subur ingkang nglairaké wohing
kabecikan lan kawilujengan. Amin. |*SP
