Yesaya 52:1-6; Jabur 65:9-13; Yokanan 12:44-50
MANGUN KABECIKAN
“Aku wus teka ing jagat dadi pepadhang, supaya saben wong kang
pracaya marang Aku, aja tetep ana ing pepeteng.” (Yokanan 12:46)
Gusti Yesus ngendika bilih sinten kemawon ingkang pitados dhateng
Panjenenganipun, sejatosipun inggih pitados dhateng Sang Rama ingkang
ngutus. Panjenenganipun rawuh ing donya minangka pepadhang, supados
sinten kemawon ingkang pitados, boten gesang ing salebeting pepeteng
malih. Minangka pepadhang sejati, Gusti Yesus mbikak pangertosan lan
margiining kawilujengan sarta nuntun umatipun medal saking gesang
ingkang tanpa pangajeng-ajeng. Pepadhang punika mboten namung wujud
cahya, nanging paring pepadhang ingkang arupi pangertosan, panglipur, lan
arah gesang ingkang yekti.
Ing gesang padintenan, kathah tiyang ingkang kesasar lan kapilut
pepetenging donya: kawontenan ingkang kebak dosa, kasangsaran, raos
ajrih, lan pangajeng-ajeng ingkang nglaha. Gusti Yesus ngandika bilih
Panjenenganipun boten rawuh kangge ngadili, nanging kangge milujengaken.
Nanging Gusti Yesus ugi negesaken bilih saben tiyang ingkang nampik sabdanipun,
sampun nemtokake nasibipun piyambak. Ing wekdal pungkasan Injil ingkang
badhe ngalili tiyang-tiyang punika. Awit saking punika, sumangga kita tampi
sabda pangandikanipun Allah minangka pepadanging gesang saha sumanggem
nindakaken dawuhipun kanthi madep manteb.
Ing tengahing petenging gesang, Panjenenganipun madeg minangka
dilah ingkang paring pepadang lan nuntun gesang kita. Kanthi andap asoring
manah kita kedah purun mbikak manah kita, nampi sabdanipun, lan gesang
laras kaliyan dawuhipun. Mboten wonten gesang ingkang sejati kajawi gesang
wonten ing pepadhangipun Kristus. Amin. l *SP.
