+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 7 Juli 2026 Minggu Limrah

Yeremia 28:10-17; Jabur 131; Rum 3:1-8

GUSTI YESUS TETEP SETYA
“Dadine kepriye, menawa ana ing antarane wong-wong mau ana kang ora
setya, apa bab anggone ora setya mau bisa njalari wurunging
prasetyane Allah?” (Rum 3:3)

Wonten kala mangsanipun, gesangimg manungsa punika kados kebak
karingkihan ingkang tanpa wonten telasipun. Kepara umat kagunganipun
Gusti inggih saged tumindak nalisir saking kersanipun Allah. Kados ingkang
kelampahan wonten ing gesangipun tiyang Yahudi wekdal semanten.
Sinaosa tiyang-tiyang Yahudi sampun dipun paringi kaunggulan lan piwucal
saking Gusti, nanging kasunyatanipun kathah ingkang boten netepi
kayektening piwucal punika. Sami tumindak nalisir lan mboten setya
dumateng Allah. Sinaosa mekaten, Rasul Paulus nyariosaken bilih boten
setyanipun manungsa punika boten saged mbatalaken kasetyanipun Gusti
Allah. Punika kabar kabingahan kangge kita sadaya.
Ayat punika maringi panglipuran lan ngiyataken manah. Sanadyan
manungsa kala mangsanipun mboten setya, Gusti tetep setya. Panjenenganipun
boten owah saking wiwitan dumugi pungkasanipun. Mboten kados manungsa
ingkang gampil owah pikir, Gusti tansah netepi janji lan Sih Katresnanipun.
Menawi kita kélangan pengarep-arep, menawi kita rumaos boten pantes,
emuta bilih Gusti Allah mboten ndhasarake Sih Katresnanipun dhateng kabecikan
kita, nanging adhedhasar Sih Katresnanipun Gusti Allah ingkang langgeng.
Mila saking punika, kita kedah ngagengaken pangandel kita. Ampun ngantos
nglokro menawi gesang boten kados pangajeng-ajeng, lan ampun ngantos
sumelang menawi ing satunggaling wekdal kita nate boten setya. Gusti
paring kesempatan anyar saben dinten. Ngagem Sih Kawelasanipun, kita
saged ndedonga, mbangun gesang ingkang linangkung becik, sarta nyekseni
bilih Gusti punika Sang Maha Setya ing salami-laminipun. Mugi kita tansah
dipun kiyataken ngadepi sedaya kawontenan gesang , awit kita mangertos
bilih: Gusti tansah setya dhumateng panjenengan sedaya. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *