Yeremia 13:1-11; Jabur 131; Yokanan 13:1-17
NGLABUHI KATRESNAN SRANA TUMINDAK NYATA
“ Nalika ngarepake dina riyaya Paskah, Yesus wis pirsa, menawa wis tekan
ing titi-mangsa anggone bakal jengkar saka ing donya iki sowan marang
ngarsane Sang Rama. Padha kayadene Panjenengane anggone tansah
ngasihi marang para kagungane kang ana ing donya, mangkono uga saiki
Panjenengane anggone ngasihi iku nganti tumeka
ing wekasane.”
(Yokanan 13:1)
Sakderengipun Gusti Yesus nglampahi sangsara lan sedha ing kajeng salib, Gusti Yesus paring patuladhan ingkang saestu ngeram-eramaken: Panjenenganipun boten ngagul-agulaken kalenggahanipun minangka guru ananging kepareng ngasoraken diri, nilar kamulyanipun lajeng ngrasuk kalenggahan minangka abdi lan kepareng misuhi sukunipun para sakabat.
Tumindak punika mboten namung wujuding pralambang tumindak karohanen, nanging ugi minangka pratandha katresnan sejati – katresnan ingkang tanpa syarat, katresnan ingkang katindakaken kanthi andap asoring manah, katresnan ingkang tanpa pamrih, mboten ngajeng-ajeng pikantuk sesulih/opah, nanging katresnan tulus; ingkang katindakaken kanthi ikhlas.
Minangka umat kagunganipun, kita kedah sumadya kangge nderek tuladhanipun Gusti Yesus, nindakaken katresnan sejati punika ing gesang padintenan. Sinaosa kangge nindakaken katresnan ingkang sejati punika panci mboten gampil. Awit kita kedah nresnani sesami kados dene nresnani
badan kita piyambak. Sumadya ngasoraken diri lan nandukaken katresnan ingkang tanpa pamrih dumateng sesami kita tanpa mawang-mawang tiyangipun. Ingkang punika sumangga kita tansah sinau saking Gusti Yesus, ingkang sampun kepareng nandukaken katresnanipun dumateng manungsa ngantos dumugi pungkasan. Awit nindakaken katresnan ingkang sejati ing gesang
nyata punika mboten nate muspra. Panjenenganipun ingkang badhe paring kasagedan lan paring berkah dumateng saben tiyang ingkang purun nandukaken katresnan kanthi tulus dumateng sesami. Amin. |*SP
