+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 9 Juli 2026 Minggu Limrah

Yesaya 48:1-5; Jabur 65:9-13; Rum 2:12 -16

ATINING MANUNGSA DADOS SEKSI
“Kang mangkono iku, wong-wong mau padha nelakake, menawa
pepakone angger-angger wus katulis ana ing atine lan swaraning atine
melu nekseni, sarta pangangen-angene padha genti ngluputake utawa
genti mbenerake.” (Rum 2:14-15)

Ayat punika nelakaken bilih Gusti Allah maringi kawruh moral (babagan
ala lan becik) dumateng saben tiyang. Sanajan boten kababar angger-
anggeripun Musa, nanging saben tiyang dipun paringi nurani, ingkang dados
pitedah gesang. Saking mriki, boten wonten tiyang ingkang saged suwala
saking tanggung jawab moral ing ngarsanipun Gusti.
Nurani punika mujudaken swantening Gusti Allah ing salebeting
manah. Kados dene pengilon, nurani ndadosaken kita mangertosi perangan
ingkang lepat, saha nuntun kita supados tumindak leres. Emanipun osiking
nurani utawi manah punika saged kasilep dening kawontenan punapa dene
pepenginan kita piyambak. Ingkang punika, kita kedah ngresiki kawontenaning
manah kita srana sabdanipun Gusti Allah ingkang murni lan suci.
Gesang Kristen punika boten namung nderek dumateng pepaken ingkang
wonten, nanging langkung lebet malih, inggih punika gesang ingkang mituhu
dumateng sabdanipun Gusti ing kaserat wonten ing manah kita. Temahan
kita saged gesang leres laras kaliyan kersanipun Gusti
Mugi kita tansah nyaket lan tetunggilan kaliyan Panjenenganipun Gusti
Allah kita, supados manah kita tetep padhang, saged mbedakaken ingkang
lepat lan leres, sae punapa awon, saha gesang manut karsanipun Gusti
Allah. Awit nurani ingkang resik punika bandha pengaji mungguhing gesang
kapitadosan kita. Sumangga tansah kita kagi nurani kita temahan tetep
resik, tulus, murni, lan suci. Kanthi mekaten kita badhe kasagedna nglampahi
gesang ayem tentrem saha kebak ing kabingahan sejati. Amin. |*SP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *