+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 22 Juni 2026 Minggu Limrah1

Mikha 7:1-7; Jabur 6:1-11; Wahyu 2:1-7

TIYANG MURSID TAKSIH WONTEN
“Wong mursid wus sirna saka ing nagara, lan ing antarane
para manungsa wus ora ana kang jujur, kabeh padha ngincer getih,
siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret”
(Mikha 7:2)

Nabi Mikha mratelakaken kahanan bangsa Israel ingkang kebak tumindak
ala lan tebih saking kaadilan. Awit kathahipun tiyang ala lan ambeksiya, bebasan
tiyang jujur mboten wonten malih. Ingkang wonten namung tiyang-tyang ala,
tiyang ingkang ngupadi pepejah. Bab menika nedahaken kawontenanipun
masyarakat Israel ingkang risak, ing gesang tata kasukman ugi tata gesang
sosial masyarakatipun. Kawontenan ingkang mrihatosaken ing ngarsanipun
Gusti, lan mesthi Gusti mbten rena ing bab menika.
Kawontenaning bangsa lan masyarakat ingkang majeng katitik saking
gesang guyub-rukunipun, sakul-sinangkul ing bot-repot, gesang ing bebener
lan tansah ngupadi setya tuhu dhumateng Gusti. Gesang kagem kamulyanipun
Gusti, mila umat utawi masyarakatipun ugi gesang ing bebener lan kajujuran.
Tumindak ingkang kakersakaken dening Gusti, mila gesangipun binerkahan
dening Gusti piyambak.
Menapa samangke taksih wonten tiyang ingkang jujur lan gesang ing
bebener? Taksih wonten. Sanadyan, mbok bilih gunggungipun mboten kathah.
Sak mboten-mbotenipun kita sami ngupadi gesang ing bebener lan dados
tiyang jujur ing ngarsanipun Gusti. Salajengipun, kita sami ngupadi sabrayat
gesang ing kajujuran, lan dados brayat Kristen ingkang katuladha ing gesang
kasaenan lan kajujuranipun. Mesthinipun, lajeng ajak-ajak dhateng tetanggi
lan tiyang-tiyang sanesipun sageda gesang ing bebeneripun Gusti.
Saestunipun, gesang minangka tiyang jujur mbingahaken manah. Manah
sumeleh ing astanipun Gusti, gesang suka bingah tanpa kamomotan raos
sumelang konangan tumindak ala. Awit mboten wonten tumindak ala ing
gesangipun. Kepara kadunungan Roh Suci ingkang nyagedaken kita sami
gesang ing kasucenipun Gusti salamining gesang. Kita sami mratelakaken,
bilih taksih wonten tiyang mursid ing jagad menika. Amin. |*KR

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *