Kaimaman 15:25-31; 22:1-9 ; Jabur 40:1-8; 2 Korinta 6:14-7:2
WIGATOSING KASUCENING GESANG
“… Mulane payo kita padha nucekake badan kita
saka sarupaning jejembering daging…”
(2 Korinta 7:1)
Wonten ing gesang padintenan, kita asring mireng tetembungan “resik”
lan “boten resik”. Nanging resik ing ngriki boten namung babagan lahiriah
kemawon ananging ugi ngemot makna rohani. Ayat-ayat ing dinten punika
ngajak kita ningali sepinten wigatosipun kasucening gesang wonten ing
lampahing pangibadah lan ing sesambetan kita kaliyan Gusti Allah.
Kaimaman 15:25-31; 22:1-9 mratelakaken bab pangibadah ingkang suci.
Gusti paring dhawuh dhumateng bangsa Israel supados sami netepi pranatan
utawi aturan-aturan babagan kasucening gesang. Gusti Allah nedahaken bilih
kasucen ing tata lair punika sesambetan kaliyan bab karohanen. Wontenipun
paugeran punika dadosaken kita enget, bilih saben tiyang ingkang sowan
ing ngarsanipun Gusti Allah kedah suci lahir batin; ngadhep kanthi ajrih lan
asih/ngaosi Gusti Allah.
Wondene ing Jabur 40:1-8 dipun pratelakaken bab katresnan lan kasetyan
Gusti. Juru Masmur matur: “Kula ngentosi Gusti kanthi sabar, Panjenengan
mirengaken swanten kula” (ayat 2). Gusti punika maha welas lan sabar.
Waosan dinten punika paring panglipur lan dados pangandel bilih Gusti
boten nganggep gesang resik kita minangka prekawis legalistik/formalitas.
Nanging kasucening gesang minangka wujud timbalan dhateng katresnan,
kasetyan, lan kabecikan. Enget: Panjenenganipun boten ngersakaken kurban
tata kajasmanen kemawon, nanging “talingan ingkang kabikak” — tegesipun
Gusti Allah ngersakaken bab manah ingkang purun mirengaken dhawuh lan
karsa Dalem dadya tetalesing gesang Suci. Pancen gesang suci punika
satunggaling proses ingang kedah katindakaken kanthi temen.
Serat 2 Korinta 6:14–7:2 nandhesaken gambaranipun tiyang ingkang
dipun pindah saking pepeteng lumebet ing pepadhang. Rasul Paulus ngajak
kita sami supados boten madha rupa kaliyan “ingkang boten pracaya”.
Sumangga sami ngrasuk gesang suci wonten ing ngarsanipun Gusti. |*LES
