+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 6 Juni 2026 Minggu Trinitas

Pangentasan 34:1-9; Jabur 50:7-15; Mateus 9:27-34

GUSTI INGKANG WELAS, GUSTI INGKANG MARASAKE
“… Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih,
luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane”
(Pangentasan 34:6)

Nalika nabi Musa minggah ing gunung Sinai ingkang kaping kalihipun
(Keluaran 34:1–9), panjenenganipun ndedonga lan sumungkem dhateng
Sang Yehuwah Allah, nyuwun kawelasan. Gusti Allah paring pangandika
mekaten: “…Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih, luwih dening sabar,
gedhe kamirahane lan kasetyane, kang netepake sih susetyane marang
wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar
pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman…” (ayat 6-7).
Punika sanes namung dados pepeling sejarah, nanging wigati tumrap kita
— Gusti ingkang ngapura, gething marang dosa, nanging kepareng
nelakaken katresnan tumrap umatipun. Pramila memper bilih wonten ing
Jabur 50:7–15 nyariyosaken bilih Gusti boten ngersakaken kurban lahiriyah,
nanging kurban puji sokur lan tulusing manah. Gusti ngendika: “Ing dina
karubedan sira padha nyebuta marang Ingsung, nuli Ingsun bakal mitulungi
sira…” (ayat 15)
Katresnan ingkang nyata ugi pinanggih kababar wonten ing paseksinipun
Injil Mateus 9:27–34, kita manggihaken cariyos bilih Gusti Yesus marasake
tiyang wuta lan nyarasaken tiyang bisu. Tiyang wuta nyuwun: “Dhuh tedhakipun
Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi”. Gusti Yesus kepareng mitulungi
lan ngandika, ““Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.” (ayat 29).
Punapa kita purun lan wantun pitados dhumateng Sang Yehuwah Allah
ingkang maha welas, ingkang tansah paring tetulung dhumateng para pitados?
Punapa kita purun mateb pitados dhumateng Sang Yesuwah ingkang makarya
ugi wonten ing Gusti Yesus Kristus?
Samangke sangsaya cetha bilih (1) Gusti Allah punika Maha Welas lan
Maha Asih, (2) Gusti Allah ngersakaken supados kita tansah kadununungan
manah ingkang kebak raos sokur (3) Gusti Allah wonten ing Sang Kristus Yesus
kepareng paring pitulung dhumateng manungsa, supados sami mratobat
lan mitadosaken gesang dhunateng Juru Wilujenging jagad. Amin. |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *