+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 5 Juni 2026 Minggu Trinitas

Kidung Pangadhuh 3:40-58; Jabur 50:7-15; Lelakone Para Rasul 28:1-10

GUSTI MIDHANGETAKE PASAMBATKU
“Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha
bali sowan marang Sang Yehuwah”
(Kidung Pangadhuh 3:40)

Saben tiyang ingkang gesang, mesthi nate ngalami wekdal ing swasana
peteng — wekdal angel, sangsara, sakit, utawi cilaka. Nanging ing satengahing
pepeteng ingkang mekaten punika punika, Gusti Allah tansah asung pitulung,
midhangetake pasambat kita, lan ngluwari kita saking karubedan. Kidung
Pangadhuh 3:40–58 ngatag kita mekaten: “Mara, payo padha naliti lan
mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.” Punika
dados pratandha bilih pangajeng-ajeng ing Gusti boten badhe muspra.
Gusti rawuh, mitulungi, lan ngendika: “Aja wedi!” Mitrurut paseksi ing
Jabur 50:7–15 nedahaken bilih Gusti boten namung ngersakaken kurban
ritual, nanging kurban pamuji sokur ingkang miyos saking manah ingkang
tulus. Mekaten timbalanipun tumrap kita sami: “Sowanana Aku, nalika kowe
kasangsaran, Aku bakal nylametake kowe, lan kowe bakal ngluhurake Aku.”.
Punapa kita purun mbikak manah nyuwun sih pitulungipun Gusti. Punapa
kita purun sumarah lan mboten ngendelaken kekiyatan kita piyambak?
Nalika Rasul Paulus dipun cakot dening sawer ingkang mbebayani, tiyang
ing Malta sami nganggep bilih Paulus punika tiyang awon lan mesthi badhe
pejah. Ananging Paulus tetep tenang, piyambakipun nguncalaken ula punika
dhateng geni, lan pranyata boten ngantos cilaka. Tiyang ing pulo Malta lajeng
kaget lan nganggep Paulus punika dewa. Nanging Paulus boten gumunggung,
malah ngawula kanthi tulus. Paulus nresnani, ndedonga, lan nyarasaken tiyang
sakit.
Awit saking punika, sumangga sesarengan kita: (1) Mriksa gesang kita
piyambak-piyambak lan mratobata kanthi tulus, (2) Sowana dhateng Gusti
punapa malih nalika kita ngadhepi marupi rupi masalah – kasisahan, Gusti
mesthi mitulungi, (3) Tetep sumarah lan yakin dhateng pangrehipun Gusti,
gumregah tetep leladi dhateng sesami. Engeta bilih: Nalika kita sesambat
dhumateng Gusti, Panjenenganipun saestu midhanget lan ngandika: “Aja
wedi!” . Amin. |*LES

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *