Ayub 38:39-39:12; Jabur 29; 1 Korinta 12:1-3
KAJABA KANTHI ROH SUCI
“… ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,”
yen ora marga dening Sang Roh Suci”
(1 Korinta 12:3)
Rasul Paulus saestu prihatos awit para pitados ing Pasamuwan Korinta
punika kathah ingkang kenging penyakit sombong Rohani. Bab punika
ketingal kanthi ciri ngunggul-unggulaken peparingipun Gusti ingkang dipun
tampi — wonten ingkang pamer kabisanipun bab wawan rembag mawi
basa roh, wonten ugi ingkang kepengin kaanggep langkung rohani awit
saged nindakaken daya mukjijat, lan sanesipun malih sami mameraken bab
kawaskithanipun.
Pramila, Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan kanthi saestu bilih:
karunia-karunia punika peparingipun Gusti. Tiyang ingkang nampi peparingipun
Gusti punika sanes ateges langkung sae tinimbang tiyang sanesipun. Peparingipun
Gusti punika namung sarana, piranti kangge ngluharaken asmanipun Gusti lan
nuntun kita dhateng pangaken iman ingkang sejati bab Gusti Yesus minangka
Sang Mesih, Juruwilujeng. Mila punika boten pastes manawi tiyang pitados
sami gumunggung.
Ing 1 Korinta 12:3, rasul Paulus ngandika mekaten: “ora ana wong kang bisa
ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci”. Pangandika
punika pancen ketingal prasaja, nanging estunipun lebet sanget maknanipun.
Rasul Paulus nandhesaken bilih pangaken kasebat asal-muasalipun saking
panuntuning Sang Roh Suci. Kathah tiyang saged matur: Gusti Yesus.
Ananging boten sadaya tiyang saestu ngakeni Gusti Yesus minangka tuking
gesang lan kawijulengan saha nglampahi gesang ingkang mbangun turut
dhumateng Gusti. Manungsa kanthi kodratipun asring kepengin mardika,
nglampahi gesang miturut pikajengipun piyambak. Nanging Gusti Yesus
nimbali kita sumarah dhateng pangrehipun Sang Roh Suci. Namung Roh Suci
ingkang saged mranata manah kita ingkang atos punika, lan nuntun kita
ngucap kanthi jujur ngakeni: “Yesus punika Gustiku.” Sang Roh Suci ingkang
nuntun manungsa dosa, mbikak mripating karohanen lan maringi kapitadosan.
Inggih namung Sang Roh Suci ingkang madhangi gesang kita satemah saged
nampi paseksinipun Kitab Suci lan nglampahi gesang ingkang sembada.
Amin. |*LES
