Ayub 38:12-21; Jabur 8; 2 Timotius 1:12b -14
NGREKSA “RAJABRANA” KANG PENGAJI
“Rajabrana kang endah, kang wis dipitayakake dening Panjenengane
marang kita, iku reksanen kalawan Roh Suci
kang dedalem ana ing kita”
( 2 Timoteus 1:14)
Mas-masan mujudaken rajabrana pengaji, pramila menawi boten
diagem mesthi dipun simpen utawi dipun reksa kanthi temen. Miturut
katranganipun rasul Paulus ing ayat nginggil wau, kita para tiyang pitados
ugi nggadhahi rajabrana endah lan pengaji inggih punika Injil, pawartos
kawilujengan lan tentrem rahayu, ingkang dipun titipaken Allah dhateng kita.
Tentrem rahayu punika kawontenaning gesang ingkang rineksa lan
rinengkuh dening Allah, inggih jatining kawilujengan, uwal saking pamengkunipun
si dosa lan ukumanipun. Rajabrana punika ingkang nalari kita gesang langeng,
nunggil ing kamulyanipun sang Kristus. Peparing peparing punika ingkang
dipun pitadosaken dening Allah dhateng kita,s upados kita reksa, kita jagi
lan kita rimati.
Supados saged ngreksa peparing punika ing satengahing maneka-warni
pepalang lan pangodha, kita kedah ngandelaken dayaning Sang Roh Suci
ingkang paring daya kekiyatan dumateng kita temahan kuwagang njagi,
ngreksa lan ngrembakakaken rajabrana peparing titipanipun Gusti wau
Dene wujud anggen kita njagi, ngreksa lan ngrembakakaken peparing
punika kanthi cara mbiwarakaken bab Injili kawilujengan dumateng sedaya
tiyang. Supados tiyang sanes ugi mangertosi pakaryaning Allah anggenipun
milujengaken jagad lantaran Gusti Yesus.
Kasinggihan, kita para pitados sampun nampi rajabrana saking Gusti
ingkang pengajinipun linangkung inggih punika kawilujengan..Kita temtu
bingah sanget!. Ewasemanten kabingakan kita sumangga kita dum-dumaken ugi
dhateng tiyang sanes. Amin! |*BP
