Ayub 38:1-11; Jabur 8; 2 Timoteus 1: 8-12a
ALLAH NYATA MAHAKWASA
“Sira ana ngendi, nalika Ingsun nalesi bumi. Munjuka manawa sira
mangerti! Sapa kang nemtokake ukurane – Sira rak ora sumurup ?
Tuwin sapa kang menthang ukurane ?”
(Ayub 38: 4-5)
Kita sami sampun mangertos cariyosipun Ayub, tiyang ingkang mursid
lan sugih ing jamanipun. Nanging lajeng barang darbekipun ludhes, gusis,
telas-telasan krana kacobi dening iblis. Mesakaken sanget! Ewasemanten
Gusti Allah lajeng karsa mulihaken kawontenanipun Ayub kados wingi-uni
malah langkung tinimbang saderengipun. Ing kawontenan nalika nedheng
ngraosaken praharaning gesang, Ayub rumaos boten dipun gatosaken
dening Allah, kamangka ing sakawit rumaos dipun gatosaken sanget dening
Allah. Satemah Ayub ngantos rumaos “aku mengerti sakabehing kahanan”.
Pungkasanipun nalika Gusti Allah ndadar Ayub pranyata Ayub boten
mangertos perkawis-perkawis ingkang kelampahan ing jagad punika. Ayub
boten mengertosi sinten ingkang mranata alam. Ayub ugi boten mangertosi
kados pundi Allah nitahaken jagad punika, lsp. Ayub punika tiyang mursid
lan leres, ananging boten ateges mangertosi sedayanipun, Ayub tetep kemawon
winates !
Gilir gumantining lelampahanipun saben titah ing jagad raya, gantosing
kahanan, wewujudaning titah sapunika mekaten lan lan ing wekdal sanes
saged dados beda; ingkang sakawit tanpa kaendahan nanging ing wekdal
candhakipun dados endah…punika krana daya pangwasanipun Allah. Ayub
boten mangertosi ing sawetahipun. Tegesipun Allah boten namung migatosaken
lan ngeman manungsa kemawon, nanging ugi migatosaken lan ngeman sedaya
jinising titah sanesipun ing jagad raya ngriki. Makaten Mahakwasanipun Allah.
Allah migatosaken manungsa, boten namung saperanganing manungsa
kemawon; nanging ugi sedaya titah lan lantaran manungsa, Allah nresnani
saha ngrimati sedaya titahiPun. Mila puji sukor dhateng Allah dene kita dados
margining berkah tumrap sedaya titah. Amin. |*BP
