Wilangan 11:24-20; Jabur 104:24-34,35b; Yokanan 7:37-39
DAYANING SANG ROH SUCI (2)
“Sing sapa pracaya marang Aku, iku kaya wiraose kitab: ilen-ilen bayu urip
bakal padha mili saka ing batine. Pangandikane mangkono iku mau
kang dikarsakake yoiku Roh, kang bakal ditampa dening wong-wong
kang padha pracaya marang Panjenengane”.
(Yokanan 7:38-39)
Kita sami nembe kemawon mahargya dinten Pentakosta, pengetan
tumedhakipun Roh Suci, inggih Rohing Allah ingkang nuntun, nglipur, ngiyatakan,
mucal bab kaleresan, ugi Roh ingkang kuwaos nunggilaken kita para pitados
klayan daya pangwasanipun sang Kristus ingkang milujengaken.
Sabdanipun Gusti ing injil Yokanan punika, nyariosaken saben tiyang
ingkang ngelak-ngorong sami pinaringan wewengan sowan Gusti Yesus.
Dene sowan dhateng Gusti punika pilihan bebas, tanpa wonten ingkang
meksa-meksa; dhedhasar krenteg lan niyatipun piyambak. Tegesipun tiyang
wau pitados krana krentegipun piyambak, boten kok dipun ojok-ojoki kangge
sowan. Krenteg wau dhedhasar kayakinan; dhedhasar pasrah, mitayakaken
gesangipun dhateng Gusti Yesus.
Waosan dinten sapunika nelakaken pakaryaning Sang Roh Suci kadosdene
“ilen-ilene banyu urip” , toyaning gesang ingkang mili terus nyarengi
lampahipun tiyang pitados, tansah nglelipur, ngiyataken, madhangi manah
samangsa pepeteng anglimputi. Sang Roh Suci tansah mucalaken sedaya
bab ingkang leres lan prayogi.
Pramila manah karaos ayem trentrem jalaran wonten ingkang tansah
nganthi kita; kita boten nate berjuang piyambakan. Krana panganthining
Sang Roh Suci, kita boten badhe nglokro lan semplah, kita mesthi tansah
semangat; sadaya lelampahaning gesang kita adhepi kinanthenan gumbira
lan optimis. Mila sumangga kita mbiwarakaken pangwasanipun Sang Roh
Suci ingkang njalari kita ayem-tentrem. Kita suka paseksi bab Sang Roh Suci;
kita luberaken dayaning Roh Suci dhateng tiyang sanes supados sami
ngraosaken ayem-trentrem ing manahipun. Amin. |*BP
