+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa,26 Mei 2026 Minggu Pentakosta

Yehezkiel 39:7-8; 21-29; Jabur 104:24-34;35b; Rum 8:26-27

DAYANIPUN SANG ROH SUCI (1)
“Mangkono uga Sang Roh iya mbiyantu kita ing sajroning kaapesan kita;
awit kita padha ora sumurup apa kang sabenere kita suwun ana ing
pandonga; nanging Sang Roh piyambak kang ndedonga kanggo kita
marang Gusti Allah kanthi pasambat kang ora kena winirasa”
( Rum 8:26 )

Barang ingkang awrat lan boten saged kaangkat piyambak, kedah dipun
pikul sesarengan kaliyan tiyang sanes. Makaten gambaran anggening Roh Suci
mbiyantoni kita ing kapesan kita. Tanpa pambiyantunipun sang Roh Suci, kita
boten kuwagang nyanggi momotan krana kaapesan kita Punika cetha dipun
ngandikakaen “Sang Roh iya mbiyantu kita ing sajroning kaapesan kita”.
Andharanipun rasul Paulus nelakaken kadospundi murih kita saged
gesang ing kasampurnan minangka putraning Allah. Ing sakawit Paulus boten
gadhah daya kekiyatan kangge ngudi kasampurnan. Manahipun taksih terus-
terusan nyuwun pitedahipun Gusti kadospundi sagedipun gesang ing kasampurnan.
Ewasemanten krana pengalaman ngraosaken pitulunganipun Gusti, mila
lajeng ngendika bilih Rohipun Gusti paring pambiyantu ngangkat awrating
momotan. Namung mikul momotan piyambak, mokal saged kiyat! Mila dayaning
sang Roh Suci ngiyataken. Roh Suci, Rohipun Allah paring pepadhang, mila
kita lajeng saged matur kanthi leres ing ngarsanipun Allah.
Krana kaapesanipun manungsa, anggenipun manungsa matur Gusti
namung miturut pikajengipun piyambak. Nanging menawi kita tinarbuka ing
pakaryanipun Sang Roh Suci, Rohipun Allah lajeng mbiyantoni kita kangge
saged matur miturut punapa ingkang kinersakaken dening Gusti. Boten namung
nyenyuwun ing pandonga, nanging ugi mbiyantoni ing sedaya prakawising
gesang kita. Namung kemawon kita mesthinipun tansah cumadang dhateng
Roh Suci; kedah nggega dhateng Roh Suci ingkang terus makarya. Sumangga
tansah nyenyuwun lan cumadhang nampi Sang Roh Suci, Rohipun Allah.
Amin! |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *