+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 09 Mei 2026 Minggu Paskah V

Lelakone Para Rasul 3:12-19; Jabur 4; 1 Yokanan 3:1-7; Lukas 24:36b-48

SAMPUN NGANTOS WAS-SUMELANG
“Kowe padha Daktinggali tentrem-rahayu. Tentrem rahayuKu
Dakwenehake marang kowe lan apa kang Dakwenehake iku ora kaya
pawewehe jagad marang kowe. Atimu aja melang-melang”
(Yokanan 14:27 )

Sedaya tiyang temtu nggadahi raos was sumelang utawi kuwatos.
Kados dene para sekabat ing Injil Yokanan 14, ing wekdal semanten rumaos
melang-melang awit badhe tinilar dening Gusti Yesus. Sinaosa Panjenenganipun
ngendika menawi badhe rawuh malih manggihi para sekabat, ewasemanten
tetep kemawon taksih sami gadhah raos sumelang.
Ningali awrating ayahan ingkang kedah dipun rampungaken, limrah
menawi para sekabat lajeng alit ing manah, sami nyumalengaken nasibipun
ing tembe. Pramila Gusti Yesus lajeng ngendika paring panglipuran, “atimu
aja melang-melang”. Salajengipun ugi ngiyataken para sekabat, “Daktinggali
tentrem-rahayuKu”. Wujudipun inggih punika Roh Suci, Juru Panglipur. ( ay.26).
Sang Roh Suci, Rohing Panglipur ingkang badhe dedalem ing gesangipun
para sekabat. Dados mitra ingkang nyarengi lampahipun para sekabat salebeting
nyariosaken bab katresnan lan kasaenanipun Gusti ingkang milujengaken
manungsa. Roh ingkang ngiyataken para sekabat ing karingkihanipun. Temahan
para sekabat boten perlu was-sumelang kangge lumampah nindakaken
ayahan lan dhawuhipun Gusti.
Saestu sabda wau dados dilahing gesang kita sami. Sumangga kita tetep
teguh ing pitados bilih prasetyanipun Gusti mesthi dipun tetepi; inggih punika
prajanji paring Juru Panglipur ingkang nenuntun, ngiyataken lan mbombong
kita. Mila sampun ngantos alit ing manah, nguwatosaken kawontenaning
gesang ing tembe. Temtu kemawon sedaya pandamel kagem kaluhuranipun
Gusti… boten kok pandamel ingkang namung mentingaken dhiri kangge
kaperluaning dhiri. Amin. |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *