Purwaning Dumadi 7:1-24; Jabur 66:8-20; Lelakone Para Rasul 27:13-38
SUKA BINGAH KRANA PAKARYANIPUN ALLAH
“Padha majua waspadakna pakaryane Gusti Allah; ngebat-ebati
kang ditandukake marang manungsa. Segara diwalik dadi dharatan,
wong padha lumaku dharat nyabrang bengawan”
(Jabur 66:5-6)
Tumrap bangsa Israel lampahipun nyabrang ing bengawan Teberau nalika
medal saking tanah Mesir saestu nggeterakan manah. Lelampahan elok
punika tansah dipun gunggung, dipun dadosaken pratandhaning pitados bilih
Gusti Allah saestu Mahakwasa lan Mahatresna. Mila juru mazmur nganggit
kekidungan ngluhuraken Allah “He salumahing bumi,padha surak-suraka
kagem Gusti Allah; Kamulyane asmane padha kidungna”(ay.1,2).
Kanthi gamblang Juru Mazmur ngajak umatipun Allah sami nggatosaken
pakaryanipun Allah ingkang elok lan ngedab-edabi. Segara dipun piyak
temahan umat saged lumampah nuju sabranging segara. Lelampahan punika
dipun engetaken malih dening Juru Mazmur supados umat sami migatosaken
kanthi saestu ing bab katresnanipun Allah, lajeng samia ngluhuraken Allah
ingkang ngedab-edabi pakaryan lan panguwaosipun.
Kaelokaning pakaryanipun Allah boten winates karaosaken namung
dening umat rikala jaman semanten, nanging kelampahan ugi ing jaman
sapunika, malah ugi ing gesang kula lan pajenengan sami. Mirungganipun
nalika kita kedah ngadhepi maneka warni panandhang lan perkawising gesang.
Panjenenganipun kepareng makarya nelakaken kaelokaning pakaryanipun
wonten ing gesang kita sami.
Awit saking punika sumanga kita tansah suka bingah, tansah ngunjukaken
panuwun lan raos syukur dhateng Allah krana sih katresanipun. Ugi sumangga
tansah mbangun turut ing sadhawuhipun Allah supados lestari nampi
kabingahan kanugrahaning Allah. Kita saged lestari ngraosaken kasampurnaning
kawilujengan saking Allah. Amin. l*BP
