+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 07 Mei 2026 Minggu Paskah V

Purwaning Dumadi 6:5-22; Jabur 66:5-22; Lelakone Para Rasul 27:1-12

NGUDIA GESANG PRAYOGI
“Gusti Allah tumuli ngandika marang Rama Nuh: Ingsun wus mutus
bakal mungkasi uripe makhluk kabeh,marga bumi wus padha
dikebaki panganiaya; mulane bakal Sunsirnakake bareng karo bumi”
(Purwaning Dumadi 6:13)

Kita sami sampun paham cariyosipun nabi Nuh. Nalika Gusti Allah pirsa
bilihkawontenaning gesangipun titah risak jalaran polah mblasaripun manungsa,
Allah paring paukuman dhateng bumi saisinipun sarana banjir ageng ingkang
ngelebi jagad-rat. Ingkang wilujeng namung nabi Nuh lan brayatipun saha
sawetawis jinising kewan ingkang mlebet ing prau yasanipun Nuh.
Lelampahan wau estunipun nelakaken bab kawicaksananipun Allah.
Krana pamblasaripun manungsa awit saking dosanipun,sedaya titah boten
ndadosaken renaning panggalihipun Allah. Kangge mungkasi pamblasaripun
manungsa lan ngrimati jagad saisinipun, Allah lajeng ndhawahaken paukuman
dhateng manungsa lan sedaya titah. Allah ndhatengaken banjir patopan,
ngelebi bumi saisinipun, ngukum manungsa lan sedaya isining bumi. Karsanipun
Allah makaten punika estunipun wujud kawicaksananipun Allah.
Kawicaksananipun Allah kacihna anggenipun milujengaken nabi Nuh
sabrayatipun lan sato kewan sajodho-sajodho lantaran sami kadhawuhan
mlebet prau. Punika nedahaken bilih Allah boten ngersakaken sedaya titah
tumpes. Allah tetep setya ngrimati titahipun, srana milih lan milujengaken
sawetawis titah ( Nuh sabrayat lan kewan saha tetuwuhan sacekapipun).
Ancasipun inggih kangge nglestantunaken titah ing tembenipun.
Kita nampi piwucal bilih Gusti Allah saklangkung tresna dhumateng
titahipun. Katresnanipun Allah boten namung wujud ngrimat lan mberkahi
nanging ugi wujud paukuman krana pamblunthahipun manungsa. Pramila
sumangga teguh ing pangandel karimat lan binerkahan dening Allah, nanging ugi
terus anggadhahi sikep lan tumindak nebihi lampah dosa. Amin! |*BP

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *