+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Slasa, 28 April 2026 Minggu Paskah IV

Yeheskiel 34:23-31; Jabur 100; Ibrani 13:20-21

KITA PUNIKA MENDANIPUN GUSTI
“Sira kabeh iku padha dadi wedhusing-Sun, wedhus kang padha
Sunengen lan Ingsun iki Allahira.”
(Yeheskiel 34:31)

Kita punika para mendanipun Gusti. Punika pitembungan ingkang
sampun limrah kita pireng. Kita kadosddene menda, lan Gusti Allah dados
Pangenipun. Punika pangandikanipun Gusti dhateng nabi Yeheskiel
gegayutan kaliyan kawontenanipun bangsa Israel, dadosa ingkang wonten
ing pambuwangan Babil punapa-dene ingkang kantun ing Israel. Umatipun
Gusti punika, dadosa ingkang wonten ing Babil punapa-dene ingkang
wonten ing Israel, sami gesang ing salebeting kasisahan lan karibedan. Umat
Israel kadosdene menda-menda ingkang dipun kepung dening kewan galak
ingkang mbebayani, ingkang ngganggu lan ngancam gesangipun. Umat
dipun rayah, dipun pejahi, dipun mangsa kewan galak, inggih punika
bangsa-bangsa sanes ingkang saestu damel sangsara. Siti boten wonten
asilipun, satemah sami keluwen.
Mirsani kawonten kados mekaten punika Gusti Allah nedya paring
pangluwaran. Bangsa-bangsa ingkang sami ngrayah, ingkang sami damel
sangsara badhe kasirnakaken, pasiten badhe ngedalaken woh. Umat badhe
gesang kanthi tentrem. Ing titi wancinipun umat Israel badhe kapitulungan,
badhe wonten jawah ingkang nelesi bumi lan tetuwuhan medalaken
wohipun.
Gesang ngrekaos dipun alami dening saben tiyang senadyan beda-beda
ageng alitipun lan awrat enthengipun. Ugi ing jaman sapunika kathah tiyang
ngraosaken bilih gesang punika boten gampil. Tiyang saged nglokro
ngadhepi bab punika. Gesang tanpa semangat lan tanpa pangajeng-ajeng.
Ing babagan ekonomi ngraosaken regi-regi tansah mindhak. Ing babagan
pendhidhikan sangsaya awrat mlebet ing tataran ingkang langkung inggil
awit kathah sainganipun. Angel pados padamelan. Punapa ingkang badhe
lan kedah kita tindakaken? Kendel kemawon temtu badha sagsaya nglokro,
sangsaya terpuruk. Tandhang damel, dereng temtu wonten asilipun.
Pangandikanipun Gusti dhateng bangsa Israel ugi kaparingaken dhateng
kita. Pepalang badhe kasingkiraken. Gusti punika pangen kita. Temtu
Panjenenganipun ingkang badhe nyekapi gesang kita. Tansah semangat lan
mbudidayaa. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *