+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 15 April 2026 Minggu Paskah II

Yunus 2:1-10; Jabur 114; Mateus 12:38-42

PRATANDHANING TIYANG KRISTEN
“… lan mangka satemené kang ana ing kéné iki ngngkuli Nabi Yunus
… lah mangka ing kéné iki, ana kang ngungkuli Sang Prabu Suleman!”
(Yunus 1: 41, 43)

Nyuwun pratandha sajakipun dados bab ingkang limrah ing gesang kita
padintenan. Contonipun, “Tandhane apa yen dheweke pancen loma?”
“Tandhane apa yen dheweke bocah sregep?” lan sapiturutipun. Mekaten
ugi panyuwunipun ahli Toret lan tyang Farisi dhumateng Gusti Yesus. Gusti
Yesus paring wangsulan ingkang ingkang nelakaken bilih ahli Toret lan
tiyang Farisi punika kalebet tiyang ingkang awon lan boten setya. Kangge
tiyang-tiyang punika Gusti Yesus boten maringi pratandha, kejawi
pratandhanipun nabi Yunus lan ratu Syeba (ratu saking tanah kidul) ingkang
ngakeni kawicaksananipun Sang Prabu Suleman. Kejawi punika, Gusti Yesus
ugi ngendika bilih tiyang Niniwe ingkang mratobat lan ratu Syeba benjing
badhe ngadili para ahli Toret lan tiyang Farisi ingkang awon lan boten setya
punika. Dados, wonten sambetipun ing antawisipun pratandha kaliyan
tiyang ingkang awon lan boten setya punika.
Gusti Yesus ngendika bilih namung wonten kalih tandha, inggih punika
tandha nabi Yunus lan ratu Syeba ingkang ngakeni kawicaksananipun Sang
Prabu Suleman. Ewa-semanten, wonten pratandha ingkang pinunjul,
ingkang ngungkuli nabi Yunus lan Sang Prabu Suleman, inggih punika Gusti
Yesus Kristus piyambak. Gusti Yesus dados pratandha kangge sedaya tiyang
ing bab katresnanipun Gusti Allah ingkang kepareng milujengaken
manungsa.
Kita sami sampun nampi pratandha pangapuntening dosa punika. Kita
sedaya sampun nampi Gusti Yesus Kristus dados Juru wilujeng kita.
Panjenenganipun sampun maringi kawilujengan laggeng dhateng kita.
Punika wujuding pratandha ingkang paling ageng lan unggul ingkang
kaparingaken dhateng kita. Boten wonten pratandha ingkang nglangkungi
kaunggulanipun Gusti Yesus. Punapa ingkang sampun kita tindakaken
kangge nanggapi katresnanipun Gusti punika? Punapa kita sampun dados
pratandha ingkang sae, ingkang trep kaliyan kersanipun Gusti ingkang
sampun milujengakan kita? Sumangga sami nindakaken katresnan, awit
punika pratandhanipun tiyang Kristen. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *