Yunus 1:1-17; Jabur 114; I Korinta 15:19-28
NEBIHI GUSTI
“… sawuse mbayar wragading laku, banjur minggah ing prau,
bebarengan karo wong kang menyang Tarsis,
adoh saka pangayunane Sang Yehuwah”
(Yunus 1:3)
“Adoh saka pangayunane Sang Yehuwah” mekaten sinerat ing Kitab
Yunus 1 ayat 3. Yunus ingkang sinebut nabi boten ngestokaken dhawuhipun
Sang Yehuwah, nanging malah nebihi Panjenenganipun Punapa sebabipun?
Awit pamanggihipun beda utawi cengkah kaliyan penggalihanipun Sang
Yehuwah. Dhawuhipun Sang Yehuwah boten damel jenjeming manahipun
Yunus.
Kita saged ugi boten remen dhateng Yunus lan mastani bilih Yunus
punika nabi ingkang boten setya, ingkang namung nggega pikajengipun
piyambak, ingkang boten mbangun turut dhumateng Gusti ingkang paring
dhawuh supados piyambakipun kesah dhateng Niniwe. Yunus endha lan
ngeneraken lampahipun dhateng Tarsis.
Sajakipun bab punika saged kita bandhingaken kaliyan dhiri kita
piyambak. Nalika kita alit, kita asring dipun dhawuhi ibu utawi bapak
tumbas barang ing wande, mangka kita nembe dolanan kaliyan kanca-
kanca. Kita tampi dhawuh punika kanthi grenengan tandha bilih kita boten
remen. Kita boten purun tumuju dhateng warung, nanging manggihi kanca-
kanca wau lan nglajengaken anggen kita dolanan.
Manawi kita raos-raosaken, lelampahanipun nabi Yunus punika
ngengetaken kita punapa ingkang nate kita lampahi. Kita nate malah saged
ugi asring tumindak kadosdene Yunus, inggih punika mlajeng nebih saking
pangayunanipun Gusti, ingkang ateges nebihi Panjenenganipun. Kedahipun
kita nindakaken dhawuhipun Gusti, nanging malah ngega pikajeng kita
piyambak. Kedahipun kita mbangun-turut dhumateng Panjenenganipun,
boten malah nerak kersanipun Gusti. Sumangga kita sinau tansah tuhu
setya netepi timbalanipun Gusti. Pitadosa bilih karsanipun Gusti punika
temtu adhedhasar katresnan saha kawicaksananipun ingkang agung.
Sumangga sami nuladha Gusti Yesus ingkang ing sauruting gesangipun
tansah ngestokaken dhawuhipun ingkang Rama. Amin. |*WSMS
