+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 16 April 2026 Minggu Paskah II

Yesaya 25:1-5; Jabur 116:1-4, 12-19; I Petrus 1:8b-12

AKU TRESNA AWIT …
“Aku tresna marang Sang Yehuwah awit miyarsakaké swaraku lan
panyuwunku, sarta talingane nilingake aku, mulane sajegku urip
bakal nyebut marang Panjenengané”
(Jabur 116:1-2).

Tembung “awit” ing ayat punika nelakaken hukum sebab akibat. Awit
Sang Yehuwah miyarsakake swaraku sarta talingane nililingake aku, mula
aku tresna marang Panjenengane. Juru Masmur ing Jabur 116 punika
nelakaken katresnanipun dhumateng Sang Yehuwah. Katresnanipun Juru
Masmur punika tuwuh awit Sang Yehuwah sampun midhangetaken
pandonganipun ingkang awujud pasambat. Tuwuh pitakenan, yen Sang
Yehuwah mboten miyarsakaken lan boten nilingaken, punapa Juru Masmur
inggih badhe tresna dhumateng Sang Yehuwah? Kita boten mangretos.
Ayat 1 punika nelakaken katresnanipun Juru Masmur awit
pakaryanipun Sang Yehuwah ing gesangipun. Manawi kita gatosaken Jabur
116 kanthi wetah, kita saged mangertos bilih Juru Masmur ngaturaken
pasambataipun dhumateng Sang Yehuwah, lan pasambatipun punika dipun
gatosaken dening Sang Yehuwah.
Kita ugi nate punapa malah asring sesambat dhumateng Gusti. Kados
pundi tanggapan kita samangsa pasambat kita kapyarsakaken, katilingaken
dening Gusti, nalika panyuwun kita kajurungan? Lan kados pundi samangsa
panyuwun kita punika ketingalipun boten kapiyarsakaken, boten
katilingaken dening Gusti? Punapa kita tetep tresna dhumateng Gusti?
Punapa kita badhe tetep nyaosaken pandonga pasambat kita dhumateng
Panenenganipun? Punapa kita tetep pitados dhumateng Panjenenganipun?
Punapa wujuding katresnan kita dhumateng Panjenenganipun?
“Aku tresna marang Sang Yehuwah awit …” punika nelakaken
landhesan anggenipun Juru Masmur tresna dhumateng Sang Yehuwah,
inggih punika pakaryanipun Sang Yehuwah ingkang karaosaken ing
gesangipun, kasaenananipun Sang Yehuwah awit sampun miyarsakaken
pandonganipun. Kasaenan punapa kemawon ingkang sampun kita tampi
saking Gusti? Katresnan kados punapa ingkang sampun kita aturaken
dhumateng Gusti awit kasaenanipun Gusti punika? Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *