Para Hakim 6:36-40; Jabur 114; I Korinta 15:12-20
KEBAK ING KABINGAHAN
“… kang ngowahi parang dadi blumbang, tuwin watu kang atos
dadi sendhang.“ (Jabur 114:8)
“Ngewahi parang dados blumbang, lan sela dados sendhang” punika
nelakaken panguwaosipun Gusti ingkang kebabar ing gesanging pra umat.
Mila, kabetahaning manungsa ingkang pokok, inggih punika toya, saged
kacekapan, malah kabetahaning sedaya titah, awit tonya punika dipun
betahaken sanget dening manungsa, tetaneman, lan kewan.
Jabur 114 punika ngengetaken umat tumrap lelampahanipun nalika
medal saking Mesir tumuju tanah prasetyan. Masmur punika sajakipun
peranganing liturgi Paskah utawi kaserat adhedhasar liturgi Paskah.
Masmur punika nelakaken kaelokan ing lelampahanipun bangsa Israel
punika. Sedaya titah (manungsa, seganten, bengawan, redi) sami sukarena
mangayubagya bangsa Israel ingkang lumampah nglangkungi margi lan
papan ingkang dipun ambah. Juru masmur anggenipun nyariyosaken
kawontenan punika saestu gesang: padha mencolot, padha lincak-lincak,
padha lumayu. Punika saestu kawontenan ingkang mbingahaken, ingkang
ngremenaken.
Kita punika para tiyang ingkang sampun kaluwaran dening Gusti Yesus
ingkang sampun seda lan wungu malih. Punika pakaryanipun Gusti ingkang
mbingahaken, ingkang ngremenaken. Kados pundi anggen kita nampi
kasaenanipun Gusti punika? Punapa kita saged niru seganten lan bengawan
ingkang mlajeng lan mili menginggil, redi pencolotan kadosdene menda
jaler lan lincak-lincak kados-dene cempe?
Punapa gesang kita, manungsa, saged tansah kalimputan ing sukarena
lan bingah-bingah? Punapa malah kalimputan ing kasisahan awit
momotaning gesang kita? Alam saged sukarena kados-dene manungsa,
malah manungsa boten saged sukarena kados-dene alam ingkang dipun
gambaraken dening juru masmur? Punapa kita badhe negakaken gesang
kita kabidhung ing sisah? Ing Gusti Yesus Kristus, Gusti Allah sampun
nindakaken kasaenan. Mangga kita sami nampi kasaenanipun Gusti punika
srana gesang ingkang kawarna dening kabingahan, kebak dening sukarena.
Amin. |*WSMS
