+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Ahad, 12 April 2026 Minggu Paskah II

Lelakone Para Rasul 2:14a, 22-32; Jabur 16; I Petrus 1:3-9;
Yokanan 20:19-31

TANSAH BINGAH
“… padha bungah-bungaha, sanadyan ing wektu iki padha nandhang
prihatin sawetara mangsa marga saka anane godha rencana
warna-warna” (1 Petrus 1:6)

Punapa kita saged tansah bingah? Cetha mboten saged. Gesang punika
sanes bab ingkang gampil, ingkang prasaja. Kados-dene kita mlampah ing
radinan, margi ingkang kita langkungi punika mboten rata mboten alus
nanging minggah-mandhap, menggak-menggok, nikung menengen, nikung
mengiwa, aspalan, tanah lan sela, pasir lan sanesipun. Kangge lumampah
ing kawontenan ingkang kados mekaten punika dipun betahaken kekiyatan,
kasabaran, pangraos ingkang landhep.
Pasamuwan ingkang nampi serat saking rasul Petrus punika sanes
pasamuwan ingkang gesang kanthi sekeca lan tanpa gangguan, nanging
sami ngalami godha rencana mawarni-warni minangka tiyang Kristen.
Warganing pasamuwan punika gasang ing satengahing masyarakat ingkang
gesangipun mboten tumata, ingkang taksih karem dhateng kanikmataning
kadonyan. Tembungipun rasul Perus: mboten gesang ing salebeting
kasucen. Pramila, pasamuwan ingkang sampun rinuwat saha kasucekaken
dening rahipun Gusti Yesus (ayat 2), kaparingan sih-palimirma. Inggih
punika ingkang nuntun pasamuwan nglajengaken lampahipun kanthi
bingah. Bingah awit wonten ing Sang Kristus gesanging pasamuwan
katuntun dhateng kawontenan ingkang langkung sae.
Ing saklebeting kita nglampahi gesang padintenan, temtu kathah
pepalang lan sandhunganipun. Kathah panggodha ingkang arupi iming-
iming, barang lan tontonan ingkang menginaken ingkang saged ndadosaken
kita dhawah ing dosa. Rasul Petrus ngengetaken kita supados tansah gesang
ing salebeting kasucen awit kita sampun kasucekaken dening Gusti.
Pepalang ingkang ngalang-alangi lampah kita temtu badhe saged kita atasi
awit anggen kita pitados dhumateng Panjenenganipun ingkang sampun
nucekaken gesang kita. Inggih ing ngriki kita badhe ngraosaken kabingahan
peparingipun Gusti. Gesang ing salebetng kabingahanipun Gusti
ndadosaken kita tansah ngucap sokur kanthi bingah. Amin. |*WSMS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *