Mustikaning Kidung 8:6-7; Jabur 16; Yokanan 20:11-20
NGAYOM DHUMATENG GUSTI
“Dhuh Allah, Paduka mugi karsaa rumeksa dhateng kawula,
amargi kawula ngayom dhumateng Paduka”
(Jabur 16:1)
“Kawula ngayom dhumateng Paduka” punika satunggaling pangaken
bilih Gusti Allah, punika dados pangayomanipun Juru Masmur. Ing Bausasra
tembung “ayom” sami kaliyan “eyub” lan “ngaub” ingkang tegesipun dipun
alingi-alingi lan dipun awat-awati. Juru Masmur ngakeni bilih Gusti Allah
punika ingkang ngaling-alingi saking sawernining bab ingkang ngganggu lan
ngawa-awati saking sawernining bebaya. Adhedhasar pangaken ingkang
kados mekaten punika, Juru Masmur masrahaken gesangipun supados
dipun reksa dening Panjenenganipun. Pangreksanipun Gusti Allah dados
pangajeng-ajengipun. Pangaken punika nuwuhaken koksekwensi. Ngakeni
bilih Gusti Allah pangayomanipun ateges boten masrahaken dhirinipun
dhateng ngasanes, kejawi namung dhumateng Gusti Allah.
Ing gesang padintenan, asring pangaken lan tumindak kita beda, malah
bebencengan. Kita ngakeni bilih bapak-ibu kita punika tiyang sepuh kita,
nanging kita boten purun ngaosi lan nampi panggulawenthahipun. Kita
ngakeni bilih ingkang mulang kita ing kelas punika guru kita, nanging kita
boten purun nggatosaken piwulangipun. Mekaten ugi ing gesanging
kapitadosan kita. kita ngakeni bilih Gusti punika panuntun kita,
pangayoman kita, ingkang ngereh gesang kita, nanging kita gesang manut
pikajeng kita piyambak, boten maelu dhateng pitedah lan panuntunipun
Gusti. Kita boten lumampah ing marginipun Gusti, nanging margi kita
piyambak. Kita mranata gesang kita piyambak, boten purun nampi
pangreksanipn Gusti, nampik pangrehipun Gusti.
Kita sami ngakeni bilih Gusti Allah punika pangayoman kita kados-dene
pangakenipun Juru Masmur. Nanging punapa gesang kita saestu cundhuk
kaliyan pangaken kita punika? Nalika kita ngadhepi masalah, bebaya,
panggodha lan sanes-sanesipun punapa kita ngayom dhumateng
Panjenenganipun utawi dhateng bab sanesipun? Bab sanesipun punika
saged awujud dhiri pribadi, tiyang sanes, arta lan bandha kita. Mugi-mugi
kita tansah ngayom dhumateng Panjenenganipun. Amin. |*WSMS
