+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Jemuwah, 27 Maret 2026 Minggu Pra Paskah V

Ayub 13:13-19; Jabur 31:9-16; Filipi 1:21-30

SANGSARA ING GUSTI (1)
“Amarga kowe wus padha kaparingan sih ora mung supaya
pracaya marang Sang Kristus bae, nanging uga supaya
nandhang sangsara kagem Panjenengane”
(Filipi 1:29)

Manawi kita migatosaken suraosing Jabur 31:9-16, Jabur punika nelakakaken
sesambat tuwin pangadhuh, ingkang kalairaken juru jabur. Inggih awit
gesangipun ingkang nandhang kasisahan lan kasangsaran, ing salebeting
pasambat nyadhong pangayomaning Gusti Allah. Pratelanipun ingkang
rumaos rupek lan nglemprek; katedha ing kasisahan lan pangesah; dados
cecampahan lan dipun tebihi ing tyang, gambaraken sangklangkung anggenipun
ngraosaken kasangsaran.
Kawontenan ingkang sarwa sangsara, njalari Ayub sami prakaran kaliyan
Gusti Allah. Kados pundi Gusti Allah anggenipun ngganjar gesang ingkang
kebak kasangsaran kados punika? Punapa ta dosa kawula? Kamangka Ayub
punika abdinipun Gusti ingkang jujur lan mursid tuwin ngabekti marang
Gusti Allah sarta nyingkiri piala. (Ayub 1:1) Memper menawi semunipun
Ayub kados dhatan trimah ing kasangsaraning gesang ingkang ngrungkebi
gesangipun (Ayub 13:13-19) sanajan tetep pitados ing ngarsaning Yehuwah
tuking kawilujenganipun(Ayub 13:16)
Wondene Paulus, atur pamawas ingkang langkung wicaksana menggahing
kasangsaraning tiyang pitados. Jer sih rahmatipun Gusti ingkang kaparingaken
boten ngemungaken kumandel ing Gusti Yesus ingkang minangka Juru
Wilujeng ingkang satuhu ananging ugi ndayani umatipun anggenipun sami
tatag lan tanggon ngadhepi sedaya peranganing kasangsaran ingkang
pinanggih. Amargi Gusti Yesus, anggenipun mitulungi rahayu umatipun ngantos
masrahaken nyawanipun, sangsara seda sinalib, nebus dosa-dosaning manungsa.
Gusti Yesus sampun kepareng nindakaken pakaryanipun, nandang sangsara,
seda lan wungu saking antawisipun tiyang pejah. Prayogi anggen kita
mbabaraken katresnan lan kawilujenganipun Gusti kanthi tumemen. Sanajan
kinanthenan kasangsaran. Jer “sangsara iku njalari mantep, lan mantep iku
njalari tanggon, tanggon nukulake pangarep-arep. Lan pangarep-arep dhatan
ngapirani” (Rum 5:3-4). |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *