+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 14 Maret 2026 Minggu Pra Paskah III

1 Samuel 15:32-34; Jabur 23; Yokanan 1:1-9

DADOSA SEKSI!
“Ana priya rawuh kautus dening Allah asmane Yokanan.
Rawuhe dadi seksi, kapatah nekseni bab Sang Padhang,
supaya dadia lantarane wong kabeh padha pracaya.”
(Yokanan 1:6-7)

Salah satunggaling timbalanipun para pitados punapa dene pasamuwan,
kejawi nggulawenthah kapitadosan inggih punika nelakaken paseksi. Sarehne
panggulowentahing kapitadosan punika sampun katindakna wonten ing
pangibadah, pakempalan pandonga, panyuraos kitab suci, piwulanging
katekisasi, Sekolah Minggu lan kegiatan sanes-sanesipun; kalebet patuwen,
nelakaken paseksi dados timbalan ingkang ketingalipun mirunggan ananging
kebabaripun boten gampil. Minangka pasamuwan, GKJ Wirosari punika
taksih kepareng ngawontenaken aksi sosial dhateng warga masyarakat ing
sakiwa tengenipun greja; saben tahun sepindhak. Wondene nalika wonten
kabar bencana alam, ugi kepareng nyengkuyung lumantar persembahan
bencana. Mekaten ugi biyantoni masyarakat ingkang nalika tinempuh ing
covid-19, boten pikantuk pambiyantu saking pamarintah. Sanajan ta makaten
menawi dipun bandingaken kaliyan pangrimating kapitadosan, bot timbanganipun
jomplang amargi waragad anggenipun nelakaken paseksi boten wonten pra
sedasanipun saking gunggungipun sedaya biaya operasional gereja.
Awit saking punika, pratelaning nas ing nginggil saestu mbereg kawula
sedaya nelakaken paseksi menggah Gusti Yesus Sang Pepadhanging Jagad.
Pitakenipun: Kados pundi anggenipun saged dados seksi kados dene Yokanan?
Sepisan, bilih anggenipun dados seksi punika kautus dening Gusti Allah piyambak.
Sanajan dados seksi punika boten gampil, jer ingkang ngutus punika Gusti
Allah piyambak, pramila Gusti Allah piyambak ingkang kepareng badhe
mitulungi lan ndayani anggen kawula sedaya dados seksi. Laras kaliyan
paseksinipun jabur 23, Allah yeku Pangen Satuhu, pangrehnya nentremken
kalbu. Ingkang kaping kalih ngundangaken lan mbambaraken paseksi bab
Pakaryan kawilujenganipun Gusti Allah ing Sang Kristus ingkang kepareng
mbabaraken katresananipun Gusti Allah ing ing kasangsaraning salib,
kinanthenan ikhlasing manah ingorban murih karahayoning sesami. Gusti
Mberkahi! |*AJ

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *