Pangentasan 16:1-8; Jabur 95; Kolose 1:15-23
MANTEP ING PRACAYA
“Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu …” (Kolose 1:23)
Ing satunggaling wekdal, wonten sedherek patunggilan ingkang sanja wonten pastori. Anggenipun sowan saperlu nyuwun idi pangestu anggenipun kepareng badhe ngupadi penglaris. Awit sampun sawetawis wekdal, bakulanipun wonten ing peken, boten pajeng. Kados-kados anggenipun bebakulan punika “boten ketingal”. Saben-saben wonten pelanggan ngadeg ing ngajengipun wande, celingukan kemawon, boten ngaruh-aruhi lan lajeng kesah. Piyambakipun nggraita menawi wandenipun dipun damel tiyang supados boten ketingal lan boten pajeng. Ing salebeting pirembagan bapa pandhita lajeng nyariosaken lelampahaning bangsa Israel kaentasaken saking tanah pangawulan Mesir. Tumuju ing tlatah prasetyan Kanaan. Gusti Allah saestu nresnani lan mitulungi umatipun Israel nalikanipun nampeni mawerni-werni panandhanging gesang. Nembe kemawon nyabrang benawi Teberau, ingkang piyak mangiwa lan manengen, bangsa Israel sami kasatan. Ndilalah nalikanipun dumugi Mara, manggihaken
sendang nanging boten saged sami ngombe amarga toyanipun raosipun pait. Gusti Allah sanalika ndhawuhi nabi Musa kapurih nyemplungaken kajeng ing sendang punika lan lajeng toyanipun dados tawa lan kenging kangge ngombe. Salajengipun nalika dumugi Elim, panandhanging gesang
nempuh malih. Bangsa Israel sami kerapan. Ing ngriku Gusti Allah maringi tedha umatipun kalawan Manna, inggih rotining kaswargan ingkang raosipun manis kadosdene puan, ingkang tumurun saking akasa kados dene ebun. Lumantar cariyos punika bapa pandhita melehaken warganing patunggilan
kalawau anggenipun boten bacutaken kekarepanipun ngupadi penglaris. Jer sedaya panandhang punapa dene pacoban punika sarananing Gusti Allah ndadar kumandeling umat wonten ing ngarsanipun. Laras kaliyan nas,
“Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu,…”. Gusti Mberkahi! I*AJ
