Yoel 2:1-2, 12-17; Jabur 51:1-17; 2 Korinta 5:20b-6:10;
Mateus 6:1-6, 16-21
NGLAMPAHI GESANG
“Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang
Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan
welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung
ing bab paukuman kang karancang.”
(Yoel 2:13 )
Wonten ing Kitab Suci (mliginipun ing Prajanjian Lawas), nyuwek
sandhangan punika dados salah satunggaling cara nelakaken raos piduwung,
prihatos lan nelangsani dosa. Contonipun ingkang katindakaken dening
Ayub, Dawud, Ester, Ezra lan sanesipun. Mekaten ugi ingkang kedadosan ing
jamanipun Nabi Yoel. Nyuwek sandhangan punika sampun dados padhatan
ingkang asring dipun lampahi dening umat kagunganipun Gusti. Ananging,
tumindak punika pranyata boten dipun kantheni pamratobat ingkang
saestu. Para pemimpining umat tansah tumindak cidra lan umatipun Gusti
nglampahi gesang ingkang boten prayogi. Mila saking punika, Nabi Yoel
dipun utus dening Gusti kangge ngengetaken para kagunganipun Gusti
supados sami mratobat kanthi saestu.
Pamratobat ingkang saestu punika medal saking manah ingkang rempu,
ingkang ngrumaosi dosanipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Pramila Nabi
Yoel ngendika, “Atimu suweken, aja sandhanganmu, padha mratobata
marang Pangeran Yehuwah Allahmu …” (ayat 13). Pamratobat punika
sesambetan kaliyan sikeping manah ingkang kawedal wonten ing sike plan
tumindaking gesang. Gusti Allah ingkang mirsani sikep ing manah ingkang
saestu mratobat punika badhe mbabaraken sih piwelas lan kamirahanipun.
Para sadherek, ing jaman samangke, kita ugi asring dhumawah ing
sikep lamis, mratobat namung wonten ing lambe lan kanthi pitembungan
kemawon. Kamangka bab punika sami kemawon kaliyan namung nyuwek
sandhangan tanpa manah ingkang saestu mratobat. Mila, sumangga sami
nyuwek manah kita, nelangsani dosa kanthi saestu. Saklajengipun, mbudidaya
nglampahi gesang ingkang prayogi. |*ERY
