Rut 3:1-13; 4:13-22; Jabur 37:1-17; Lukas 6:17-26
PEPANGGIHAN INGKANG ENDH
“Lan woh akeh iku mau kabeh padha mbudidaya bisane
ndemek panjenengane, awit banjur ana daya kang metu saka
ing Panjenengane, temah kabeh padha diwarasake”
(Lukas 6:19)
Miturut Filsuf Prancis Blaise Pascal, wonten papan kosong ing manahipun
manungsa. Kekosongan punika namung saged dipun isi kaliyan Gusti Allah.
Papan ingkang kosong punika saged wonten isinipun nalika Gusti wonten
ing manah kita.
Saking waosan Lukas 6:17-26, kita saged mrangguli kathah tiyang
ingkang sowan kangge pepanggihan kaliyan Gusti Yesus. Tiyang-tiyang
punika sowan kanthi mbekta mawarni-warni momotan. Wonten ingkang
sami, ananging wonten ugi ingkang benten. Awit saking kathahipun tiyang,
Lukas boten nyatet setunggal mbaka setunggal momotan tiyang-tiyang
punika. Ananging Lukas kepingin ngendikakaken bab ingkang wigati, inggih
punika bilih tiyang ingkang sowan ing ngarsanipun Gusti Yesus punika
ngalami pepanggihan ingkang endah, ingkang nengsemaken. Boten namung
awit rupi-rupi prekawis punika saged karampungaken, ananging awit wonten
ingkang istimewa, inggih punika boten wonten setunggal tiyang ingkang
dipun tampik dening Gusti Yesus. Sok sintena ingkang saestu nggadhahi
krenteg kangge sowan Gusti, dipun tampi dening Gusti. Sejatosipun boten
wonten tiyang ingkang pantes wonten ing ngarsanipun Gusti. Ananging,
awit katresnanipun, Gusti Yesus ngeparengaken manungsa dosa “ndemek”
Panjenenganipun.
Gusti Yesus punika Gusti Allah ingkang tansah mbikak manahipun kangge
sadaya tiyang. Pepanggihan kaliyan Gusti Yesus punika saestu istimewa awit
Piyambakipun boten namung saged paring pangluwaran saking prekawis
ing gesang, ananging ugi kepareng ngiseni papan kosong ingkang wonten
ing manah lan gesang kita. Sumangga tansah mligikaken wekdal kangge
pepanggihan secara pribadi kaliyan Gusti ing salebeting pandonga lan
pamaosing Kitab Suci. |*EW
