+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Kemis, 15 Januari 2026 Minggu Limrah

Yesaya 22:15-25; Jabur 40:1-11; Galati 1:6-12

INJILIPUN SANG KRISTUS
“Amarga kowe padha daksumurupake, sadulur-sadulur, mungguh
Injil kang dakwartakake iku dudu injiling manungsa.”
(Galati 1:11)

Punapa para sedherek nate nggatosaken ilining toya ingkang sumberipun
saking redi mili dumugi lepen? Toya ingkang sumberipun saking redi punika
limrahipun raosipun murni lan nyegeraken. Nalika toya punika ngileni siti,
kewan ingkang wonten ing lepen, taneman ing kiwa tengenipun lepen,
sedaya saged tuwuh kanthi sae. Ulamipun kathah lan ageng-ageng, uwitipun
ngrembaka lan ijo seger, ageng lan kukuh. Kosokwangsulipun menawi lepen
punika sampun kambon limbah saking pabrik, toyanipun reged lan boten
badhe maedhahi malih.
Ing serat Galati 1:11, Rasul Paul nandhesaken bilih Injil ingkang
dipunwartosaken punika pinangkanipun sanes saking manungsa ananging
saking Gusti Allah piyambak. Rasul Paulus badhe nedahaken bilih Pangandika
ingkang pinangkanipun saking Gusti Allah punika kawangsitaken dhateng
tiyang ingkang kapilih. Pangandika punika ugi badhe ngewahi gesanging
manungsa tumuju ing kaluhuranipun Gusti kadosdene ingkang sampun
tinampi dening Paulus ing gesangipun. Injil punika kagungan kuwaos
ngewahi gesanging manungsa ingkang mblasar dados manungsa anyar
ingkang tansah gesang miturut kersanipun Gusti. Injil ingkang saking Gusti
Allah punika murni awit sedaya ingkang katedahaken kagem martosaken
Injil namung kagem binabaring kamulyanipun Gusti ing gesang. Milanipun
nalika ngundhangaken Injil ugi kedah kanthi murni kagem kamulyanipun
Allah lan njalari manungsa sangsaya gesang ing kasaenan lan dhatengaken
kasaenan. Kosokwangsul menawi wartosing Injil punika ngemu kepentinganing
manungsa, ingkang katindakaken namung supados dirinipun ingkang kasubya-
subya lan namung kagem kamulyaning manungsa.
Manawi kita sakpunika pinaringan pangretosan lumantar seratipun
rasul Paulus, kita sedaya kedahipun martosaken Injil punika kanthi saestu .
Supados saged dhatengaken kabingahan, nuwuhaken pangajeng-ajeng,
nggelar bedhamen lan katresnan lan saged ngewahi gesanging manunga
ingkang mursal saged mratobat lan pitados dhateng Gusti Allah. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *