+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Rebo, 14 Januari 2026 Minggu Limrah

Yesaya 51:1-16; Jabur 89:5-37; Mateus 12:15-21

ABDININGSUN
“Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekake
keparenging galihingSun, bakal Sunparingi RohingSun, sarta bakal
ngundhangake pangadilan marang sakabehing bangsa.”
(Mateus 12:18)

Sumiyuting angin ing pinggir seganten ageng sanget, njalari wit-witan
ing pinggir seganten sami ambruk lan griya sami rubuh. Meh sedaya risak,
namung wonten setunggal uwit ingkang tetep ngadeg jejeg, inggih punika
uwit pring. Kenging punapa boten ambrug? Awit pring punika nggadhahi
daya ngetutaken kawontenan (lentur) ingkang sae, temah saged mliyak-
mliyuk ngetutaken lampahing angin temah mboten tugel lan rubuh.
Injil Mateus 12:18 nggambaraken bab Gusti Yesus minangka abdinipun
Gusti Allah ingkang kautus kangge mbabaraken kaadilan lan kayekten
kanthi welas asih lan katresnan. Ing sauruting gesang lan pakaryanipun ing
jagad, Panjenenganipun boten nedahaken wewatekan ingkang kasar lan
meteg asanes. Ananging kanthi welas asih lan sabar, kados ingkang sinerat ing
Injil Mateus 20:34 “Gusti Yesus trenyuh penggalihe marga saka welas…”
Rawuhipun ing jagad punika boten ngasta kekerasan ananging ngasta welas asih
dhateng tiyang-tiyang ingkang kepeteg lan kasingkiraken dening masyarakatipun.
Gusti Yesus kadosdene uwit pring ingkang kiyat nanging welas asih.
Kekiyatanipun katedahaken ing kukuhing batosipun nalika netepi timbalanipun
Sang Rama. Mila trep kados pangandikanipun Gusti Allah ingkang ngandika:
“Lah iku AbdiningSun, pilihaningSun, kekasihingSun, kang ndadekake
keparenging galihingSun…”. Nalikapun tiyang Farisi, para imam lan
pangagengipun tiyang Yahudi sami nampik, Gusti Yesus boten gigrig lan
semplah. Panjenenganipun tansah tatag nglairaken pakaryan kawilujengan
lan mbabaraken piwulanging kayekten.
Kados ingkang sampun katindakaken dening Gusti Yesus ing lampahing
gesangipun, kita minangka tiyang Kristen sampun namung embel-embel, ajrih
menawi wonten ingkang memada lan ngajrih-ajrihi. Sanadyan ngadhepi kapeteg,
kita kedah tansah nglairaken pakaryan kawilujengan ing sauruting gesang. |*IAS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *