+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Senen, 29 Desember 2025 Minggu I Saksampunipun Natal

Yeremia 31:15-22; Jabur 20; Lukas 19:41-44

MUWUN

“…. awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe

(Lukas 19:44c)

Sedaya tiyang temtu sampun nate muwun. Wiwit bayi ingkang nembe lahir ngantos ingkang sampun sepuh. Kathah prekawis ingkang dadosaken kita punika muwun. Saged awit panandhaning raga, kecalan tiyang ingkang kita tresnani, rumaos semplah krana pangajeng-ajeng kita mboten kasembadan lan sapiturutipun.

Waosan kita nyariosaken lampahanipun Gusti Yesus ingkang  dipun arak lumebet ing Yerusalem. Punika pratandha menawi panandhangipun Gusti Yesus sampun sansaya caket. Gusti mirsani tiyang-tiyang ing Yerusalem punika temahan saged muwun. Lajeng punapa ingkang jalari Gusti Yesus ngantos muwun? Ing ayat 44c dipun serat: “ …awit kowe ora nyumurupi wayahe anggone Gusti Allah nuweni kowe “  Manungsa sami boten mangertos menawi rawuhipun Gusti Yesus dhateng jagad punika kangge mbabar kawilujengan lan tentrem rahayu. Manungsa mboten mangertos menawi Panjenenganipun kepareng nyatakaken katresnanipun.

Punapa sebabipun manungsa punika boten mangertos ancasipun Gusti Allah anggenipun rawuh ing jagad punika? Awit manungsa namung mbujeng babagan kadonyan, manungsa namung nguja hawa napsunipun piyambak, raos gumunggung lan kumalungkung, rumoas kiat lan digdaya, kanthi mekaten boten sami nggatosaken katresnanipun Gusti lumantar rawuhipun Sang Pamartaning jagad. Punapa ing jaman samangke ugi taksih wonten tiyang-tiyang ingkang rumaos sampurna lan boten betahaken Gusti Allah ing gesangipun? Utawi tiyang-tiyang punika rumaos saged luwar saking sedaya panandhang awit pambudidayanipun piyambak  temahan kesupen dhateng kasaenanipun Gusti Allah? Lampah gesang ingkang mekaten temtunipun boten damel renaning penggalihipun Gusti Allah, malah kepara Gusti muwun mirsani polah tingkah kita. Pramila sumangga tansah pitados dhumateng Gusti sinaosa kita boten saged mangretosi karsanipun Gusti kanthi sampurna.  |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *