+ (0298) 326684

sinode@gkj.or.id

Follow Us:

Setu, 27 Desember 2025 Dinten Saksampunipun Natal

Wulang Bebasan 8:22-31; Jabur 148; I Yokanan 5:1-12

ASURANSI

“Sapa kang duweni Sang Putra iku duweni urip.

Sapa kang ora duweni Putraning Allah iku ora duweni urip”

(I Yokanan 5: 12)

Samangke regi tiket kangge mlebet ing papan pariwisata sakalangkung awis. Perkawis punika kelampahan awit ragat kangge ngimati lan njagi supados panggenanipun tetep ketingal resik lan endah ugi awis. Sanesipun punika regi tiket ingkang kita bayar sampun kalebet asuransi, ingkang paring santunan mbok bilih wonten wisatawan ingkang nemahi cilaka utawi kedadosan ingkang boten dipun kajengaken, tilar donya wonten ing papan punika. 

Waosan kita wekdal punika  nyariosaken babagan jaminan tumraping sedaya manungsa ingkang pitados dhateng Sang Putra, inggih punika Gusti Yesus Kristus, ingkang sampun manjalma dados manungsa rawuh ing jagad punika kangge nindakaken pakaryaning kawilujengan, badhe pikantuk gesang langgeg. Dados anggenipun manungsa punika kawilujengaken boten awit saking amal saenipun manungsa, ananging awit katresnanipun Gusti Allah. Kosok wangsulipun tumraping manungsa boten boten pitados dhateng Gusti Yesus minangka Kang Putra, inggih boten badhe pikantuk gesang langgeng. 

Ing jaman sapunika kathah piyantun ingkang namung mburu babagan kadonyan kadosta bandha, kalenggahan lan nguja karemenaning daging. Kamangka samukawis ing donya punika boten langgeng, badhe sirna. Ingkang langgeng punika namung sihipun Allah. Kanthi punika begja sanget menawi kita sedaya sami migatosaken gesang ing tembe wingking, inggih gesang sesarengan kaliyan Gusti Allah ing kamulyanipun.

Awit saking punika sumangga kita jagi kapitadosan kita dumateng Sang Kristus, Juru  Wilujeng ingkang sejatos, pinangka jaminan tumraping kawilujengan kita. Sumangga gesang saos sukur awit jaminan kawilujengan langgeng sampun cumawis. |*YS

Leave a Reply

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *